Mak…!!
Ana Asu Mlebu ngOmah!
Dening: Andy Sri Wahyudi
lemah karang abang
lin, embuh,
pirang abad laku kuping mubeng jagad
nanging nora
bisa krungu gumuyu lan bungahing urip
nganti tekan
titi mangsane kabeh wis dadi areng
dadi arerupa
wengi lan biru arem.
wektu sing
manis, ayu, lan kenes dadi abang mangar;
dadi watu; dadi
awu; dadi asu!
saiki awake dewe
lagi wae menyat saka pangkonane simbah
arep nggoleki
dalan sing jare wis digawe dewa
dalan warnane
jambon sing kudu disrateni kanthi gemati
sing kudu
dipacaki nganggo laku nalar lan landeping lathi
sakarepmu
anggonmu ngonceki
sakarepmu
anggonmu ngudak-udak
sakarepmu
anggonmu lumaku
merga saka adoh kana,
ana wewayangan hanggegirisi
wewayangan sing
nyabrang liwat langit suwung
wewayangan sing
ora nate dikandakake simbah:
jagad mesin
tanpa patrap isin, mutah-mutah mbubrah sawah
nganti tekan
titi mangsane jaman nggulung manungsatama
dadi bajingan
nasar; dadi gedibaling pasar!
kae galo
delok’en…
lin, ana asu
cacahe sewu ndilati omah nganti leleh
wong-wong padha
nglungani wengine, nggoleki srengenge dewe-dewe
saiki mung ana
kuburan sing kudu ditresnani ngganggo kringet lan ati.
ngayogjakarta, april 2009
Lin, ana asu cacahe sewu ndilati omahe simbah
nganti leleh. Wong-wong padha nglungani wengi nggoleki srengenge. Saiki ming
ana kuburan sing kudu ditresnani ngganggo kringet lan ati.
Kanggo: Bapak – Ibukku,
sanak kadang
lan tangga teparo sing tak
tresnani
Ana ing kampung embuh. Kampung sing ora ana
nang peta kecamatan.
Ana bocah cilik jenenge sumi, nggembol kreweng ana
tas cilik. Sumi mlayu-mlayu nang tengah latar njaring kupu-kupu, mlayu
wira-wiri kanthi seneng lan bungah, ngguyu-guyu dewe. Ora let suwe sumi banjur
mandeg kekeselen. Nata ambegan.
SUMI
Pu kupu...mbok kowe mandeg disik Pu...aja mabur aduh-aduh to pu...! kowe ki arep tak jak ngrayake ulang tahunku
je Pu...Pu kupu, ndene to...! uh! Kwe ki nyebahi kok Pu! Uh..! Kupu i...sengit
aku!
Sumi mbanting jaring nang lemah. Banjur sumi
meneng wae, kethap kethip, rupane katon nyremimih.
Sumi jupuk kreweng sing digembol ana tas cilik.
Kreweng kuwi ditata ana ngarepe, jejer-jejer. Sumi lingak-linguk dewek’an
banjur omong dewe.
SUMI
Kreweng-kreweng....aku
ki saiki ulang tahun lho weng...tur kanca-kancaku do ilang je weng. Dipangani
asu! Mangkel tenan aku Weng! Hmm...Aku ngrayake ulang tahun ro kowe wae yo Weng....hhmm....aku
tak nyanyi yo Weng...
Ora let suwe sumi nyanyi-nyanyi dewe. Nyanyi
sapenake udele dewe.)
SUMI
Dondong apa salak
Duku
cilik-cilik
Ngandong
apa mbecak
Mlaku
thimik-thimik
Mengko
ibu mesti mundhut oleh-oleh
Kacang
karo roti
Aku
diparingi
Hehe..Suaraku apik to Weng...
Ah, isin aku Weng! Sik ya Weng, tak pipis disik...
sumi mlayu golek
panggon kanggo nguyuh.
saka njero omah, ana suara pating
glodek, suara bekakas pada tiba. ana
suara asu njegog, nggereng, lan gumuyu cekekekan. dumadakan nyusul
suarane surip, bengak-bengok misuh-misuh dewe. surip mbanyaki, gedabikan ngoyak-oyak
mecuti asu! nganggo pecut bledek, senjata warisan leluhure!
SURIP
Maak....!!
Ana Asu mlebu ngomah!!! Asune
njijiki Mak..! Ilerre meler-meler!
Cia...ttt!!! CTAR…CTER…CTER…CTAR...! Modar
Ndasmu! Kena cengelmu ra kowe! Sabet Cangkemmu!
ASU-ASU
Gugukkk gukk gukkk gukkk!! Grrrr!!! Hahaha…Kakakakakakak..!!!
SURIP
Minggat!! Asu edan!! Kena cengelmu ra we! Modar Ndasmu!
asune mlayu metu ngomah, nanging
ana asu siji sing isih keri, ngadeg nggejejer
menthelengi surip. surip gage mluncat mecut ndas lan cangkeme asu.
SURIP
Wo…malah mecicil! Tampanana! Ciaaattt…! Modar Cocotmu!
Nagging luput! Surip bola-bali
mecuti nanging tetep luput, mergane asune luwih lincah, gesit lan pinter enda.
Nganti asu kuwi mau mlayu metu omah! Surip nututi asu metu ngomah,
mlayu jranthal nggawa pecut bledek. Surip ngoyak nganti tekan adoh, nanging
kalah cepet karo playune asu.
***
Sumi njedul
tansah bingung weruh kahanan sing rada owah lan
aneh. Kaya bar ana kedadean sing rame, nanging sumi ora nggubris. Deweke banjur
golek carang kanggo gawe garis dolanan englek.karo nyanyi-nyanyi dewe...
Surip mlaku katon kekeselen, marani
sumi sing lagi dolanan engklek dewe.
SURIP
Sum, Sumi! asune mau bali meneh ra?
SUMI
Aku rangerti e kang? (Sumi lingak-linguk) Kae pa kang Asune?
SURIP
Ndi e Sum?
SUMI
Kae lho malah nguya-ngguyu!
SURIP
Wo ho’oh e! Pancen truk biangane tenan ok! Bakal tak
kemah-kemah tenan kowe Su!
Surip mlayu ngoyak asu maneh,
nanging dumadakan ana satengahing dalan, surip raisa obah. Awake ngaceng! Kaku
kabeh.
***
Nang latar omah panggonane sumi
engklek.
Mak jiuk, ibune surip mulih saka
bakulan nang pasar. Marani sumi sing lagi engklek.
SUMI
Mak, mau ana asu mlebu omah!
MAK JIUK
Asune sapa? Aneh-aneh! Nduk, Muleh yo! Ki tak gawake oleh-oleh. Kang masmu
nangendi je nduk?
SUMI
Mlayu ngoyak asu Mak.
MAK JIUK
Wah jan bocah kok senenge aneh-aneh!
Bakir liwat dandan turut dalan,
nganggo klambi apik lan rapi.
BAKIR
Ngapa e yu?
MAK JIUK
Surip ki ngoyak-oyak asu!
BAKIR
Seneng ro asu pa yu?
MAK JIUK
As Mbuh Kir, Surip ki rak cah angel ta? Di
parani prawan Ayu malah ditinggal gawe kandang pitik. Disenengi randa sugih ya
emoh. Malah ngoyak-oyak asu!
BAKIR
Kae ki gek-gek seneng wong Lanang yu?
MAK JIUK
Racaturan Kir, kae ki piye-piye tetep anakku!
Seneng lanang apa wedok tetep tak sayang! (MAK JIUK
AMBEGAN SEDELA) Ora, Kowe ki arep
nangendi e Kir? Kok le rapi.
BAKIR
Nggolek Banci Yu!
MAK JIUK
Oalah Kir…Bakir! Wong Wedok sa arat-arat kok
malah milih Banci!
BAKIR
Ha kowe durung tau ngrasakake kok YU!
MAK JIUK
Sing dirasake ki apane je Kir? Cah enom aneh? Muleh yo nduk! Ndak ketularan Nggilani!
Mak jiuk nggandeng sumi mlebu
omah.
BAKIR
Wo… lha wong
radong! Hobi e malah dionekke aneh! Kene ki cah alternatip je!
Bakir mlayu kanthi seneng, kaya
oleh dolanan anyar. Nyanyi-nyanyi turut dalan.
BAKIR
Yoooo… Mbanci yo…! Mbanci.....mbanci syalala...lala.. .mbanci…mbanci mbanci…MBANCI…YEACHHH!
Dumadakan
bakir mandeg merga weruh surip ngadeg nggejejer raisa obah. Bakir kaget
lan gumun weruh surip.
BAKIR
Banci pa ya?
Surip Meneng Wae
BAKIR
Kowe ki ngapa e
Rip? Kurang gawean!
Bakir Tansah Penasaran, Banjur Ndumuk Awake
Surip
BAKIR
Lho Rip?! Awakmu koq isa ngaceng ki piye ta
Rip? Kena apa ta kowe ki Rip? aja-aja…? Wo iki mesti kena sawan! Sawane Asu ki! Sik Rip ta goleke wong ampuh.
Bakir
peplayon nggolek pitulungan.
Nang
liya nggon cothot latihan silat sore sore.
***
Nang Omahe Surip
MAK
JIUK
Omah kok dadi rakaru-karuan ki piye
ta ya?
Mak
jiuk tansah ngati-ati mlebu omah.
MAK
JIUK
Wis, kowe
dolanan nang kono disik nduk!
Mak
jiuk tansah prihatin marang kahanan omahe sing nyalawadi.
MAK
JIUK
Iki mesti gara-gara Asu sing dioyak-oyak Thole!
Mak
jiuk njupuki bekakas sing sumebar nang mlester, mbaka siji-siji. Sumi nyanyi
nunggoni makne.
SUMI
Naik-naik ke puncak gunung tinggi tinggi
sekali.
kiri kanan kulihat saja banyak pohon cemara.
kiri kanan ku lihat saja banyak pohon cemara.
Lebar
njupuki barang-barang sing pating kececer mak jiuk gage nggoleki jluntrunge
surip.
MAK
JIUK
Wis yo nduk melu Simak!
SUMI
Nangendi Mak?
MAK
JIUK
Nggoleki kang masmu!
Mak
jiuk nggandeng sumi metu saka omah. Banjur mlayu.
Nang
ndalan pethukan karo bakir sing wis kesel.
SUMI
Lho Mak, Kae kang Bakir to Mak?
MAK
JIUK
Wo, ho oh e, Kir nteni dilit Kir! (MAK JIUK MBALIK
NUTUTI BAKIR)
Kowe ki ngapa e Kir? Ngoyak banci pa?
BAKIR
Ngawur!
Aku arep nggolek wong ampuh!
MAK
JIUK
Nggo ngapa e?
BAKIR
Nggo nulungi Surip!
MAK JIUK
Surip sapa je?
BAKIR
Wo..wong radong! Ha ya Surip anakmu!
Bakir
Mlayu Ndisiki Mak Jiuk Lan Sumi
MAK JIUK
Lho? Kir enteni Kir! (MAK
JIUK NUSUL BAKIR) Surip ki kena apa e Kir? Saiki bocahe
nangendi?
BAKIR
Kena sawan ASU!
awake ngaceng kabeh! Kana kowe ngancani wae!
Bakir mlayu
luwih cepet!
MAK JIUK
Bocahe nangendi e Kir! Wahjan malah meneng wae!
MAK JIUK NGGOLEKI SUMI Welha Denok mau
nangendi yo? We…malah engklek meneh! Yo nggoleki kang masmu!
Mak
Jiuk Lan Sumi Lungo Blusukan Nggoleki Surip
***
Nang Liya Nggon Bakir Ketemu Cothot
BAKIR
Thot Cothot! Surip tulungi Thot! NANGING COTHOT
MENENG WAE TETEP LATIHAN SILAT! Thot!
awake Surip ki ngaceng kabeh! Raisa obah!
COTHOT
Kowe nek crewet wae
tak antemi lho Kir!
BAKIR
Ki tenanan Thot!
Cepet Thot tulungi!
COTHOT
Saiki Surip
nangendi?
BAKIR
Nangisor wit
Nangka! Yo Thot melu aku Thot!
COTHOT
Wis kana kowe
ndisik wae!
Bakir
mlayu bali meneh nanggone surip. Cothot mlayu mlumpat mlumpat umuk sing isa
silat.
COTHOT
Houp yak! Houp yak! Ciaaa….ttt!!
Ngerti-ngerti
wis tekan nangisor wit nangka
Surip
kaget weruh cothot sing dumadakan ana
nangarepe.
SURIP
Nge Get Geti kwe ki Thot! Iki pokokmen
asune kudu kecekel Thot! Nek ra kecekel marai mangkel tenan!
Omahku wis diosak-asik e Thot! Dilit kas mesti
sing diosak-asik omahmu! Iki sing marai tangga-tanggane awake dewe dha lunga
ratau mulih! Saiki ming kari awake dewe sing manggon kene! Asune kudu digoleki
bareng-bareng! Dirangket
terus di blebegke kali!
Bakir
teka. Cothot lan surip meneng.
BAKIR
Lho wis
mari pa Rip? Kowe kok cepet
Thot?
COTHOT
Ha
Ngilang e...
BAKIR
Ki
Wis Mari tenan to ki?
COTHOT
Beres!
BAKIR
Nggolek
banci neh ah…mbanci mbanci…
SURIP
He Kir! Sing mbanci kosik. (NYAUT TANGANE BAKIR) Kir kowe kudu melu nggoleki Asu!
BAKIR
Suk rak kecekel dewe Rip.
SURIP
Iki masalah serius Kir! Pokokmen asune kudu
kecekel! Nek ra kecekel bakal rakaru-karuan tenan!
Mak
jiuk lan sumi keblasuk-blasuk
nggoleki surip. Cah loro undang-undang nggoleki surip.
MAK
JIUK
Lee…thole…lee…Le...
SUMI
Kang...kang Surip...Kang...
BAKIR
Rip kae rak suarane makmu ro Sumi ta?
SURIP
Mak….simak…aku nang kene Mak…
BAKIR
Mbok ra bengak-bengok Rip, diparani wae
Mak
jiuk lan sumi malah mbingungi. Surip marani makne
SURIP
Mak aku nang kana kae lho…Mak! Nang mburi Cakruk! Karo Bakir
ro Cothot. Nyusul ya Mak…ta enteni.
Mak
jiuk lan sumi marani surip, cothot, lan bakir.
SURIP
Wis saiki dirembug sing tenanan! Mak, Kir, Thot, Sum. Saiki awake dewe
kudu dadi siji nggoleki asu bareng-bareng! Piye do siap kabeh ra? Siap ra Mak? THot?
MAK JIUK LAN COTHOT
Siap!!!
SURIP
Piye Kir?
BAKIR
Kepyakke!
SURIP
Piye Sum wani ra?
SUMI
Yo wani no kang...ko asune arep tak pipisi og!
SURIP
Yo saiki digoleki bareng-bareng!!
KABEH
Yo…digoleki yo…!!! Yo..yo..yo...!
Mak
jiuk, sumi, bakir, surip lan chotot bebarengan nggoleki asu. Kabeh pada
nyiapake uba rampe lan gaman: pecut bledek,
senter, lan blebet sirah ben katon wangun.
Saplok
kuwi, kabeh nek padha lunga nandi wae pecut bledek mesti digawa!
Kanggo jagan-jagan nek petukan asu!
SURIP
Saiki mlencar dewe-dewe!
Kabeh
pada mlencar nggoleki asu, nanging sumi wedi di tinggal mak jiuk.
SUMI
Mak aku melu mak. Aku wedi je mak.
MAK
JIUK
Yo wis kowe nang kene disik wae. Nunggu aku. Simak tak golek asu disik!
Sumi
meneng wae kethap-kethip dewe, banjur nyanyi dewe’an
karo mlaku-mlaku.
SUMI
Cicak-cicak
di dinding diam-diam di dinding
Datang seekor dinding hap hap
lalu di dinding
MAK
JIUK
Lho Sum? Kok tekan kene?
SUMI
Asune wis ketemu Mak?
MAK
JIUK
Durung je nduk…paling asune lagi blanja nang
supermarket nduk.
SUMI
Aku tak nyanyi meneh ya mak?
MAK
JIUK
Rasah nduk, ndak asune ngerti. Wis melu simak wae kene.
Sumi
banjur nginthil nang mburine mak Jiuk
Nang
liya nggon. Bakir, cothot lan surip isih sibuk nggoleki
asu-asu.
SURIP
Piye Asune wis metu durung?
BAKIR
Durung je Rip, mmm…nggolek banci wae
yo..gelem ra Thot?
COTHOT
Kowe nek crewet wae tak tapuki gusimu lho Kir!
BAKIR
Kowe kok jahat to Thot?
SURIP
Wis ayo nggoleki meneh! Malah ngganyik!
Surip
mlaku maneh nyenteri kebon lan nggon sing peteng-peteng liyane.
SURIP
Asune ki nangendi ta ya…Su…Asu…Ndene su…! Tak gebuki ndasmu!
Mak
gragap surip weruh asu gedhe banget loro cacahe marani deweke!
SURIP
Kir…Thot…! Ha kae Asune…Guedhe tenan! Sak
Gentho!
Nanging
bakir lan cothot meneng wae ora semaur apa-apa. Cak loro wis mlayu ngoyak
asu liyane.
SURIP
Kir…Thot…
Dumadakan
kadi mburi ana suara asu nggereng-nggereng, ilate melet-melet, liure
netes-netes. Arep mbrakot surip!
SURIP
Wuoh…bajingakk…Kir…Thot…! Mak…! Sumi diamanke!!
MAK
JIUK
Ana pa ta Le…?
SURIP
Asune wis teka Mak…awake
dewe dikupeng Mak…! Kir…Thot…! Kowe
nangendi? Ciaaa…ttt…! Ciaaa…tttt!!! MINGGAT..!!!
Ctar…!!
Ctar…!! Ctar!! Ctar…!!!
ASU-ASU
Grrrr…hhh Guk Guk..Guk…Guk…!!!
hahahha….kakkkaaa….!!!
Surip
gedabikan ngobat-abitke pecute. Deweke kalap weruh asu sing pada teka. Nanging
sumi malah santai mlaku-mlaku sak penake dewe mak jiuk mecuti asu sing nyedaki
deweke. Bakir lan cothot ngilang ra ngerti dununge.
Asunne
samsaya ndadi, ngobal-abul kahanan. Ana asu
sing methuke sumi.
SUMI
Kowe ki ngapa ta su? Senenge marai!
Nanging
Asune Tetep Nggereng-Ngereng
SUMI
Mak!!! Ki lho Asune Nakal!!
Surip
weruh banjur nglindungi adhine.
SURIP
Wanine karo cah cilik! Nek wani nyedak neh tak
idoni! Woo…ngece! Cuih..cuih..cuih..! Minggat!!!
Asu-asu
kuwi mau pada mlayu njranthal sawise diidhoni surip. Mak jiuk isih ngoyak-oyak
asu sing padha mlayu rakaru-karuan.
MAK JIUK
Iki le asune isih keri siji!
SURIP
Didhoni Mak!! Didhoni Mak!!
MAK JIUK
Cuih..cuih! cuih!
Nanging
asu kwi mau malah mlumpat nubruk surip. Ngruket kenceng awake surip kaya kraket
ra gelem ucul. Surip ra isa ngendani, bengak-bengok gila dewe. Nganti asu kuwi
mau ngambung lambene surip! Cuuuppp....muuaaaccchhhh.....! Surip gragapan.
Saben ditarik asu kuwi mau bali ngambung surip, bola-bali, nganti surip
ngrasaake kaya diambung menungsa wadon! Surip kelingan lelagon jaman biyen
nalikane isih sekolah. Surip alon-alon narik sirahe asu. Mesam-mesem kaya
wongedan.
Mak
jiuk lan sumi ndelengke nganti domblong!
MAK JIUK
Le...kowe ki wis edan pa le? Kuwi asu lho le...
SURIP
Aku ngerti Mak...nanging rasane kaya diambung cah
wedok Mak....
Oalah su..asu...kok yo tega-tegane lambeku tok
prawani. Sak jek’e urip aku ki durung tau ambung-ambungan lambe. Iki First Kiss lho su...
SUMI
Kang Surip ki cluthak yo Mak?
SURIP
Ass...Prek Sum...
MAK JIUK
Kowe kenal pa le?
SURIP
Sik Mak, ketok’e aku kenal Mak, iki ora sabaene asu Mak.
DUMADAKAN, SURIP NJENGGIRAT, KAGET.
SURIP
Tenan to Mak! Iki biyen pacarku Mak... Prastiwi. Kelingan
to Mak? Ki lho andeng-andenge nang pipi isih. Kelingan to Mak? Sing bapakne ra
setuju kae lho Mak?
MAK JIUK
Anak’e si Badri pa le?
SUMI
Kok ngerti nek mbak Tiwi? Asune ki lanang pa wedok
to kang?
SURIP
Sik tak tilikane Sum, LET SEDELA. Tenan ta Sum?
Wedok kok Sum! Ki lho Mak, wetenge ya ana bekas jahitan oprasi usus buntune.
Aku biyen tilik nang Rumah sakit, kelingan aku. Oalah...Prastiwi...Prastiwi...
MAK JIUK
Le...aku ngerti le...tur kuwi wis dudu Prastiwimu,
Kuwi asu le...Asu...elinga le...
SURIP
Mak...kowe ki ngerti ta Mak! anakmu lanang ki nek
wis seneng, cinta, ra peduli ro fisik! Sing penting ati Mak! lan seiman!
MAK JIUK
Sakarepmu le....wis yo nduk tak adusi, wis sore ki...
SURIP
Mak aja lunga disik Mak...arep ta bukteake nek iki
Prastiwi tenan!
Surip
ngunjal nafas dawa karo merem alon-alon surip ngambung lambene asu sing diarani
prastiwi. Let sedela surip melek meneh. Deweke rada kaget lan gedhek-gedhek.
SURIP
Duh gusti...pancen wis ra isa tenan, cah ayu...aku
wis ra kuawa! Tresnaku sing jero lan endah wis ta wenehake kowe kabeh liwat iki
mau. Nanging tetep wae ora piye-piye. Oalah Wi...Prastiwi....
MAK JIUK
Piye Rip? Wis dadi Putri Salju durung?
SURIP
Ra maleh apa-apa je Mak?
MAK JIUK
Wis ta..dililakne wae...kowe kudu isa nampa
le...wis rasah nangis!
SUMI
Ho’oh kakang ki melankolis! Kemayu!
SURIP
Sing kemayu ki sapa? Aku ki gagah Sum! OMONG KARO
ASU Yo wis Wi..kowe pancen kudu da lilake...kudu dak larung ana awang-awang....
Surip
banjur ngeculke asu kuwi mau, nanging dumadakan surip kaget weruh asu mau
ngolet-ngolet dewe. Mbasan di tamatake....jebul thukul sewiwi nang gegere asu.
SURIP
Mak...tenan to Mak...ana sing owah Mak...gegere
tukul sewiwine Mak...pancen kwi panjaluku Mak...ben mabur ana awang-awang aja
awor karo asu-asu liyane. Paling ora isa dadi asu tur priyayi...ora
ngisin-isinke....Maburra Wi...lunga a sing adoh saka paran kene. Saka lemah
sing wis arep kobong!
Surip,
mak jiuk, lan sumi nguntapke abure asu kwi mau...
SURIP
Ati-ati ya Wi...
MAK JIUK
Aja mampir-mampir ya nduk cah ayu...
SUMI
Ho oh mbak....aja kawin ro asu Jawa. Kawin karo
Asu Cina wae ben Sugih yo mbak...
Dadadada.....dadda.....dada.....
Surip,
sumi lan mak jiuk padha ngumpul dadi siji. Bakir lan cothot muncul kaya wong
bingung.
BAKIR
Piye Rip? Wis
aman ta?
SURIP
Wo dasar malengi! Kowe ki mau dha
nangendi je?
BAKIR
We lha aku mau ki ro Cothot nggebuki Asu nang Mburi omahe Mbah Karto Je!
Saiki awake dewe kudu jaga-jaga ki Rip! Nggone mbah Karto diparani asu akeh
tenan!
SURIP
Yo wis saiki jaga nang cakruk wae Yo! Mak, Sumi
dijak mulih wae. Tur ki golek
telo disik nggo jaga bengi!
BAKIR
Hooh ki...ndak klisikan ra isa turu! Yo golek nang
kebonne mbah Karto.
COTHOT, BAKIR, LAN SURIP
Yoo..yo..yo...
Bakir,
cothot, lan bakir lunga menyang kebone mbah karto mbedol telo. Mak jiuk
nggandeng sumi ngejak mulih merga wis bengi.
MAK
JIUK
Yo Nduk mulih sik. Sesuk ndak telat le sekolah
SUMI
Aku moh sekolah kok Mak.
MAK
JIUK
We..ben pinter je malah emoh. Lha ngapa to
nduk?
SUMI
Ndak dadi Asu!
MAK JIUK
Ealah… yo wis rasah sekolah wae. Tur ko nek
dadi asu bodho pye nduk? Lha cita-citamu ki apa je nduk?
SUMI
Dadi Doraemon mak!
MAK
JIUK
Woalah…wis turu wae yo nduk! Cah aneh!
Kabeh
padha turu nglintek merga saking kesele oyak-oyakan karo Asu
BAKIR
Saiki awake dewe jaga Rip?
SURIP
Lha iya. Nek asune teka meneh piye jal?
COTHOT
Wedi pa Kir?
BAKIR
Ora! Wah…mbok tak mbanci sedilit
ya Rip...!
SURIP
Wah jan! Thot, Bakir digedik
cengelle ben lali, terus gek turu
COTHOT
Gampang…ciattt…Diegh!
Bakir
banjur kaya wong cleleng, nggliyer kaya wong mabuk.
SURIP
Ki wis nggliyer ki Thot! Jenengmu sapa Kir?
BAKIR
Samuel Becket!
SURIP
(Lega) Haa..wis
lali ki Thot! Wis gek turu!
Mak
Jiuk Metu Ngelingake Surip, Bakir Lan Cothot
MAK
JIUK
Sesuk Tangine ora awan-awan lho le!
SURIP
Wah simak ki crewet wae! Nyo omong ro tanganku wae Mak!
MAK JIUK
Cah ranggenah! Raurus!
BAKIR
Kok crewet wae ki sapa ta ya...?
Bakir
nglindur arep ngambung ro ngekep mak jiuk. Mak jiuk mlayu lunga, gila!
Kabeh
pada turu dewe-dewe. Wengi kuwi kahanan katon sepi nyenyet lan adem njekut. Ora
ana lintang lan mbulan nang langit sing klawu. Cothot matane wis ra kuwat pengin merem. Akhire cothot melu turu. Kabeh sing turu padha angler ora
ana sing ganggu.
***
Wayah
esuk
Sak
durunge srengenge methungul bakir tangi dewe. Nglilir ngundang jenenge mbah
karto.
BAKIR
Mbah
Karto! Hhmmmm....Atiku kok rasane rapenak yo? Gek-gek ana apa-apa ro
mbah
Karto?
Banjur
deweke mlayu niliki mbah karto. Lebar kuwi ana pawarta lelayu saka mejid al
fallah:
Sampun sowan ing ngarsanipun
Gusti Allah Subhanawataala: Mbah Karta
Sandal, kanthi sae. yuswanipun setunggalatus selangkung, jenazah badhe
disareaken wonten kuburan Nusantara Permai dinten menika jam kaleh awan.
SURIP
Wah senenge mbribeni wong turu! Mbah Karto ki mati kok ya esuk-esuk ta ya...? mbok di undur mbah...
COTHOT
Sing mati sapa ta Rip?
SURIP
Mbah Karto Sandal! Wis
turu neh wae yo Thot!
COTHOT
Aku ya isih ngantuk je Rip..
Cothot
njingkrung meneh kaya ebi.
SURIP
Ya wis mbah, karya slamet, muga-muga mlebu
surga mbah. Terus nak wis neng surga rasah
nggawe sandal. Ndak ko surgane dadi pasar! Tak turu meneh ya mbah…ko awan tak
layat. Ra lunga nangendi-endi lho mbah!
Surip turu meneh
Bakir
mara meneh nutuke turune. Let sedela srengenge methungul saka kulon, kaya-kaya
ngabarake: urip kudu terus mlaku ora oleh mandeg nang tengah dalan. Lan
pitik-pitik jago pada kluruk: kukuruyu…uuukkk!!!
Mak
jiuk wis tangi nomer siji, banjur golek banyu gawe wedang. Nanging deweke sebel
weruh surip, bakir lan cothot isih turu.
MAK
JIUK
Wo…lha cah edan! Yah mene je sih micek!
Mak
jiuk gage njupuk banyu nang sumur kompan. Banjur…
Byuuurrr!
Surip, bakir lan chothot tangi
gumregah langsung nantang kerengan!
SURIP
Bajiguri! Ngejak senggel aku
pa Mak?!
Surip,
bakir, lan cothot siap-siap kaya petinju, ngubengi makne,
nanging makne ra gelem kalah siap-siap kerengan!!
SURIP
Senengane marai
rame!
BAKIR
Wong tua kurang
ajar!
COTHOT
Ratau dididik,
nek nggugah sing sopan!
MAK JIUK
Heh! (MARANI
CAH TELU) Oalah Cah…Cah…kowe
kowe ki mung seka uyuhku we arep
nantang aku! Kowe ki kangslupan apa? (IDU NANG TANGAN BANJUR DIRAUPKE RAINE
SURIP,Bakir lan COTHOT) Minggat!
SURIP
Woh Yiyet-i! Ambune jangan brongkos!
MAK JIUK
Minggat!
BAKIR
Woh! Bedebah!
MAK JIUK
Minggat!
COTHOT
Sialan!
MAK JIUK
Cepet aku diewangi nyiapke dagangan! Nom-noman
lanang ra nyambut gawe. Kowe ki do raisin pa Le? Wis
rupane elek! Watake elek! Ra duwe gawean!
SURIP
(SURIP RUPANE MBLERET) Karo anakke kok jahat to Mak?
MAK JIUK
Ayo cepet! Ko
awan sithik aku ki arep layat barang.
SURIP
(SURIP MLAKU KARO NGGRUNDEL) Karang ya wong tua ra sekolahan. Galake
ngluwihi Satpol PP!
MAK JIUK
We lha omong apa kowe?
SURIP
Ora Mak, kowe kemayu tur nggemeske kaya SATPOL PP.
MAK JIUK
SATPOL PP ki apa e le?
SURIP
Walah, kuwi kancane gedang godog. Wis
rasah kakean takon! Wis do mulih disik wae. ko
ewang-ewang nang sripah.
Sumi tangi turu langsung mlayu
jupuk kreweng nggo gambar garis engklek. Karo nyanyi-nyanyi.
SUMI
Pelangi-pelangi alangkah indahmu
Merah
kuning hijau di langit yang biru
Pelukismu agung siapa gerangan
Pelangi-pelangi ciptaan tuhan
Mak Jiuk Metu Nggoleki Sumi Arep
Dikon Adus
MAK JIUK
We lha! Nduk kowe ki piye ta? Jare pamit ngising? Malah engklek! Ayo mulih
adus! Cepet! Wah malah mbudeg! Bocah kok kandanane angel ta ya?
Mak jiuk gage nggandeng sumi kanthi
jengkel....
***
Nang Ndalan Kampung
Bakir liwat nggawa gendera putih
lan glogor nggo tanda sripahe mbah karto sandal. Nang ngarep cakruk ketemu
cothot sing malah latihan silat.
BAKIR
Mbok leren Thot, melu ewang-ewang nang sripah. Cah mbagusi! Mbok wis Thot…nguli wae, pa dadi
germo.
CHOTHOT
(MUNTAB) Omong apa? Baleni!
BAKIR
Wuoh Nesu e..! Ora Thot kowe wangune dadi tentara apa Dokter..
CHOTHOT
Tak templing Ndasmu lho we!!
Cothot ngantemi bakir nanging
ditangkis nganggo glogor, nganti glogore membut-membut.
BAKIR
Thot kowe isa kualat lho Thot. Thot..thot…!
CHOTHOT
Ra urusan!
Bakir mbubut gendera putih kanggo
senjata, banjur uleng-ulengan karo cothot nang tengah dalan.
MAK JIUK
He! Kowe ki dha ngapa? Ora dha ewang-ewang sripah malah dha homo-homonan
nang ndalan! AstafFIRULLOH….ya ampyuu..n..!
BAKIR
Kowe ki nek omong mbok ra waton yu! Aku ki dudu homo yu!
COTHOT
Ha nek aku Homo tenanan yu!
MAK JIUK
Walah….nom-noman
dho radong! Marai mumet! Wis tak layat sik!
Mak Jiuk banjur lunga ngleter
ninggal Cothot lan Bakir
SURIP
Simakku mau wis menyang nang omahe mbah Karto durung je?
BAKIR
Wis kawit mau Rip. Kene ki ngenteni kowe je.
SURIP
Ya yo ndana bareng wae yo!
COTHOT
Yoo yo yo…!!
BAKIR
Sik aku tak masang Gendera ro glogor nang prapatan disik!
COTHOT
Gendera masang gendera!
Sumi ngerti-ngerti teka
SUMI
Kang, aku melu! aku ra duwe kanca je. Wedi nek asune teka meneh!
SURIP
Yo…tak tusulke Simak, tur nek nang sripah ra rewel lho Sum!
Chothot, surip, lan sumi mlaku
layat nangomahe mbah karto sandal. Bakir mlayu masang gendera ro glogor nang
prapatan.
Kursi-kursi wis tumata ana latare
mbah karto. Bakir, cothot, surip, sumi lan mak jiuk lingguh jejer saderetan
kursi. Ora ana suara wong ngaji merga cassette rusak!
BAKIR
Mbah Karto ki umure kok isa dawa banget ya? 125 tahune kaya duit!
SURIP
Kuwi rak merga jaman nom-nomane kerep laku prihatin Kir.
BAKIR
Prihatin piye?
Teneh uripe penak tur sugih. Mosok kit enom tekan tua prehatin terus. Nganti
tekan mati gawe sandal terus.
SURIP
Wo…lha wong radong! Prehatin ki lakune wong jaman
biyen, kuwi dinggo anak putune! Karo nggo nglatih rasa lan raga. Ben uripe
tentrem, ati lan awake kepenak. Kuwi sing marai umure dawa. Dadi sing digolekki
ora sugihe dewe!
MAK JIUK
Nek omong
cangkeme rasanter santer. Neng layatan ngisin-isinke!
SURIP
Simak ki
crewet! Layat ming wong lima we, bebas!
BAKIR
Laku prehatin ki piye ta?
SURIP
Werna-werna, ana sing pasa mutih, ngrowot, nganyep, lampah pendhak jum’at
kliwon, melek bengi, kungkum. Ngerti ra? Nyilih genine Thot.
COTHOT
(Rogoh-rogoh
sak) Nyo!
BAKIR
Kurang gawean! Nek urip 125 tahun ming kon rekasa terus ya gah. Kana
prehatino dewe sak modare!
SURIP
Wo…Cah mbejujak! Urip nek kulina mbajing ya kaya ngono kuwi!
Kowe rak ya ngerti dewe ta? anak-anake mbah Karto semubar ana sing tekan
Argentina, Alaska, Massacuset,
Los Agles. Pak Jauri malah nang Eropah.
BAKIR
Ass Prek ra
caturan! Nyatane singurusi apa-apane rak ya awake dewe ta?
Pranata adicara sripah wis mulai
ngomong pratandha jenazah wis arep diangkat menyang kuburan.
PRANATA ADICARA
…..Kagem para nem-nemean dipun aturi ngrewangi!
MAK JIUK
Kae! kana wis arep disareke kae!
Nom-noman ra tanja! Yo aku melu!
Bakir, surip, cothot lan mak jiuk
gage ngusung layone mbah karto. Sumi nangarep dewe nggawa kendi sing isine
benyu putih mentah senengane mbah karto. Nanging dumadakan surip ra kuat,
mergane sing diusung kijing!
SURIP
Duhh..duh..duh...Kir..kir…kir…sik delehke disik..delehke disik...!
BAKIR
Kowe ki piye ta
Rip? Nangarep dewe je malah sembrono!
Kijinge di selehke nang lemah!
SURIP
Matamu wi! Keju Su! Pegel!
Kir! karebmu ki piye ta Kir?
Mongsok Mbah Karto melu dicor neng njero kijing ki piye?
BAKIR
Salahe ra ana sing dijak rembugan! Aku ki mumed Rip! Apa-apa mung
dipsrahke aku kabeh.
SURIP
Tur carane ya ra ngene ki Kir!
BAKIR
Karepku ki ya ben efektip! Isa dipindah nagendi-ndi mbok menawa ana
gusuran kuburan.
SURIP
Wong edan! Senenge Nyalai aturan! Sa’ake
mbah Karto. Sumuk!
MAK JIUK
Kowe ki ya ming omong wae kok le! Kawit mau
esuk sing temandang gawe ki ya ming Bakir!
BAKIR
Hai ya! Seka sing ngonangi matine, aku, ngumumke nang mejid, aku, masang
gendera ro glogor aku! Sing nyewa pranata adicara yo aku! Golek tukang photo yo
aku.
COTHOT
Sing mateni sapa
Kir?
BAKIR
As Prek! Sing layat ming wong lima
we ribut! Kana sing nang Argentina, Alaska ro Eropa kon ndene! Karo sing nang masacusette!
SURIP
Ha tur nek kaya ngene ki rak ya ra beradab ta Kir? Nek anak-anakke do
teka rak ya ngisin-isini ta!
BAKIR
Beradab Gandhu! Wong anak putune we dho ra tau nggatekke wong tuwane
kok! Ra tau ditiliki. Sing njaga rak ya ming awake dewe ta Rip?
MAK JIUK
Wah jan dho crewet wae!
COTHOT
Iki sida digawa nang kuburan ra e?
SURIP
Nek rasah digawa nang kuburan we piye ta?
BAKIR
Ra papa Rip. Didadekke prasasti wae nang tengah-tengah kampung!Sengara
ilang! Tur ya dirawat, di semprot parfum, ben wangi terus. Kuwi kijinge
berkwalitas. Fungsine kaya pyramid mesir!
COTHOT
Sing pesen
nangendi e Kir?
BAKIR
Nang
Cibaduyut! Do kakean protes!
SURIP
Sak domen aku ki tresna tenan je karo mbah Karto ki. Aku ra lila je nek
dikubur trus ming dipangan cacing. Eman-eman. Mbah Karto ki termasuk wong elok je. Wis ra ana neh wong kaya mbah Karto.Gusti
allah wis kente’an stock!
BAKIR
Ora ming kowe Rip. Aku ki sayang tenan, mbendina ta tiliki, ta pijeti,
ta tukoke sarapan jenang. Nek ra ana sing gelem ngrawat kijinge tak deleh
kamarku yo rapapa kok Rip.
MAK JIUK
Hai ya! Sing marai awake dewe manggon neng kene ki ya mbah Karto. Wong
paling pisanan. Wong sing marai awake dewe kuat urip. sing gaweane nyritani
sujarah lan menehi wewarah. Ben awake dewe isa duwe pikiran dewe kanggo modal
urip. Wong sing salawase urip mung dingo berjuang ki yo mbah Karto kae!
BAKIR
Mbok wis yu rasah nggambleh gang perjuangan!
Aku ki mumed nek krungu perjuangan ki. Marai frustasi!
MAK JIUK
Kir! Kawit jaman Kerajaan, jaman Londo, Jepang, nganti tekan saiki. mbah
Karto ki obah terus nganti anak putune dadi kabeh! Deweke ya ra lara ati nek
dilaleake. Kae ki mikir ora nggo awake dewe tur
dinggo generasine.
BAKIR
Kaya ngerti-ngertia perasaane mbah Karto Yu!
MAK JIUK
Wo..lha cah aneh! Generasine mbah Karto ki ra kaya kowe ngono kui.
Senenge mung Mbanci terus!
SURIP
Yo ra ngono kui Mak..Terus generasine Mbah Karto ki sing kaya ngapa?
Sing wis sukses, isa nggayuh ngimpine, sing
dho lali karo omahe dewe? sing duwe duit akeh?
Aku ki tenane ngerti Mak, nek mbah Karto ki wis pepak
uripe. Tau dadi tentara, kuli, guru, juragan batik, wartawan, bakul donat, ketua
partai lan sapinunggalane. Keri dewe tukang gawe sandal! Tur saiki ki mbah
Karto ki manut awake dewe. Manut sing isih urip. Pesene Mbah Karto ki mung
siji: Wani urip lan dadi awakmu dewe! ra ming cangkeman!
BAKIR
Kaya kowe ta
Rip?! Kakean cangkem!
SURIP
Asui! Wis yo gek
diangkat!
Para
takziah sing mung wong lima kuwi mau padha mlaku bebarengan ngusung kijing.sumi
nyebar sawur, mlaku iring-iringan tumuju tengah kampung. Nanging nang tengah
dalan ana asu-asu sing ngadang layatan. Kabeh pada kaget weruh asu sing akehe
sa brayat! Asu-asu kuwi mau padha pating jegog!
SURIP
Mandeg kabeh!!!
MAK JIUK
Ngapa ta le? Asune ki diuja wae. Wis yo mlaku meneh.
BAKIR
Ho oh Rip engko malah GR
COTHOT
Mbok ditakoni disik wae Rip. Karepe apa?
MAK JIUK
Nek arep melu layat barang rak ya rapapa ta?
SURIP
Sik tak takonane…su
asu karepmu
SUMI
(Nyela) Aku tak pipis disik ya Mak…
MAK JIUK
Kana gek cepet mlayu!
Sumi mlayu golek nggon nggo
pipis.
SURIP
He..Asu asu lan
asu…karepmu ki tenane apa ta? Senenge ngisruh uripe wong!
ASU
Aku mrene mung arep layat mungsuhku sing marai aku dadi asu. Mungsuh
sing tak ajeni!
MAK JIUK
Lho? Kok isa marai dadi asu?
ASU
Mergane biyen gek jaman Landa aku
diipat-ipat dadi Asu! Ta akoni, Karto kuwi pancen wong ampuh tenan.
Nanging aku tetep ratrima!
BAKIR
Ora, kowe kuwi su! kok isa diipat-ipat ki ngapa?
ASU
Mergane aku biyen dadi begundale Landa sing
arep ngrebut lemahe Karto! Nanging Karto ra manut, malah nantang kerengan.
Deweke digoleki Landa pirang-pirang ora kecekel. Jebulane malik dadi kucing
kembang telon..
SURIP
Kok ngerti nek Mbah Karto dadi kucing mbang talon seka ndi Su?
ASU
Aku sing ngandani si Soleh adhine Karto dewe, sing matine dirubung
semut. Banjur saben kucing mbang talon tak pateni, nganti ana salah sijining
kucing sing ta tembak rapapa. Kucing mau malah mancal raiku, ora lidok, kucing
kuwi mau malik si Karto. Deweke nesu tenanan, aku diajar nganti babak bundas.
Aku diipat-ipat: Yo Wiryo dina iki kowe tak sepatani dadi Asu! Nganti tekan sak
anak putumu! Merga watakmu kaya ASU! Nganti tekan seprene aku dadi ASU sak anak
turunku. Aku ora trima! Mataun taun aku golek cara lan kekuatan kanggo
nyingkirke Karto. Sak iki wis titi wancine!
SURIP
Kowe kok isa
duwe prajurit akeh ki anak putumu kabeh pa?
ASU
Dudu! Saklonge
wong-wong kampung sing tak cokot terus dadi asu!
SURIP
Wooo… jebulane tanggane awake dewe dadi asu! Mulakno kok ora tau dha
mulih! Eh, Su! tanggaku isa bali dadi menungsa neh ra Su?
ASU
Wis ora isa,
merga wis tak cokot!
BAKIR
Kowe ki cen asu
tenan kok su! Klakon tak kemah-kemah tenan kowe Su! Ciaaatttt!!!
Bakir
nesu-nesu muntab rakaru-karuan!! Deweke arep ngosak-asik asu sak
prajurit-prajurite!! Nanging cothot lan surip gage sing nggondeli bakir sing
meh kalap!
SURIP
Kir..Kir wis
Kir..Thot Bakir Gocekki Thot!
MAK JIUK
Kir saiki ki wayahe layat ora kerah ro asu!
SURIP
Sabar disik Kir..mengko ana wayahe Kir!
BAKIR
Nek ra digoceki ta entekke tenan kowe Su!
ASU
Aku ra wedi!!
BAKIR
Malah ngece!
SURIP
Kir! Nengke wae Kir! (omong ro asu) Su…nek kowe sak prajuritmu ndene
ming arep layat tenan. Kana ngetutke nang mburi! Ora ngisruh!!
Sawise
para asu baris tumata melu layat mbah karto. Kabeh mlaku irit-iritan tumuju
tengah kampung.
SURIP
Wis, saiki wis
tekan. Delehke kene wae ben isa disawang saben dina.
Kijinge
mbah karto didelehke tengah kampung. Dadi prasasti wong sing pisanan manggon
nang kampung. Sak banjure surip ngandani para asu.
SURIP
He para Asu…Mbah Karto ora disarekake nang kuburan naging didelehke nang
tengah kampung. Didadekake Prasasti, dadi saiki acarane wis
rampung tekan kene wae. rasah didongakake kowe rak ya raisa ndonga ta Su? Wis kana da mulih neh!
BAKIR
Gek dha muleh! malah meneng wae!
Asu-asu
mau mulai ana sing nggereng lan njegog! Kabeh pada emoh lunga. Nganti surip,
cothot, lan bakir mangkel dewe.
SURIP
Heh! Su! Karebmu
ki apa ta? Saiki acarane wis rampung! Gelem
dha muleh ora!?
ASU
Gukgukguk…grrrr…! Aku wegah! kowe sing lunga seka kene!
BAKIR
Tenan ta Rip!?
Kudune cen disikat mau-mau kok ngeyel!
SURIP
Asu licik!
MAK
JIUK
Cen kudu dilawan iki le!
COTHOT
Sikat wae Rip!!!
SURIP :
(Matane mentheleng lan ambegane nggos-ngosan) ASU JULIG! LICIK! NJIJIKI!
SIKAAATTTT!!!!
CIAAAATTTT…..CTAR…CTAR…CTAR!! CTAR..!! CTAR!!
CTAR…!
Mak
jiuk, cothot, bakir, lan surip wis kalap! Kerengan karo para asu! Kabeh
tenagane dinggo kerah! Kabeh nyabut senjata dewe-dewe. Pecut
bledek! Kahanan dadi horeg nganti tekan surup. Nganti
asu-asu sing cacahe atusan mau pada lunga kabeh. Lunga ora ngerti jluntrunge…
CIAAAATTTT…..CTAR…CTAR…CTAR!! CTAR..!! CTAR!!
CTAR…!
Kabeh
padha menggeh-menggeh kekeselen, nanging tetep pada mlayu ngoyak asu, nganti
asune wis ora ketok meneh. Nganti kabeh wis padha ora kuwat mlayu. Nganti wayah
wis surup lan kahanan tambah sepi nyenyet. Kabeh pada mulih
nangomahe dewe-dewe. Ming kijing siji sing katon isih seger. Kijing sing dadi
pepesten nek neng kampung kuwi wis tau ana wong urip jenenge mbah karto. Uwong
sing ora tau mandeg anggone temandang gawe, nganti tekan patine. Mbah karto! Dudu
asu!
Ana
suara klenengan.suarane kaya-kaya arep teka kahanan urip sing anyar.
***
Sesasi sawise mbah karto seda, kahanan kampung
iku mlaku kaya adat sabene. Kampung sing manggon ming kari wong lima. Kampung
sing ora tau ana nang peta kecamatan! Kampung embuh!
Sumi
metu nyanyi-nyanyi karo nggawa lodhong isi iwak mati.
SUMI
Satu
satu aku sayang ibu
Dua-dua
juga sayang ayah
Tiga
tiga sayang adhik kakak
Satu
dua tiga sayang semuanya
Ah, engklek ah….
Banjur
sumi njupuk kreweng nggambar garis kanggo dolanan engklek nanging ora tekan
rampung. Sumi ngerti-ngerti ngalamun, omong karo kreweng.
SUMI
Kreweng kreweng… kowe duwe bapak ibuk apa ora? Weng-kreweng omahmu ki endi ta? Terus
cita-citamu apa weng? Kowe kok isa tekan kene numpak apa weng? Weng, kowe dadi
kancaku gelem ra w eng? Mengko awake dewe dolanan engklek bareng…aku wis ra duwe kanca je weng, aku sedih. Ki lho..Siwi kancaku siji-sijene wis
mati. Gelem ra weng dadi kancaku?
Let
sedela mak jiuk metu ngresiki lan nglempiti godhong gedang.
MAK
JIUK
Kowe ki ngapa e nduk kok omong dewe?
SUMI
Eh, Simak ta…aku ki pengin duwe
kanca je mak
MAK
JIUK
Lha kowe ki yo aneh kok, kon sekolah yo moh..
SUMI
Aku wis isa maca nulis kok mak. Aku ki tenane mesake Simak ro kang Surip
je nek sabendina ngeterke aku sekolah. mbok aku tukoke pit tak nggo mangkat
sekolah dewe Mak..
MAK JIUK
Yo sesuk nduk..nek ana
rejeki ta tukoke pit. Tenane simak ki rapapa kok ngeterke kowe sekolah.
SUMI
Aku ki wis kelas enem mak, pengin ajar mandiri je Mak..mangkat sekolah sisan pit-pitan ro kanca-kanca Mak.
MAK JIUK
Wo…lha ya wis…simak ya melu seneng. Pancen seneng je nduk nek isa
dolanan ro kanca-kancane ki..
SURIP TEKA NUMPAK PIT MINI, DEWEKE TANSAH KAYA
WONG STRES
SURIP
Mak iki aku tuku pit rega nyeket ewu nggo
sekolah Sumi.
Mak
Jiuk
We lha…ki Sum, ditukoke pit mini ro kangmasmu…
SURIP
Nyo Sum, pit-e
nggo sekolah. kowe seneng ra Sum..kowe ki ngapa kok sedih?
SUMI
Siwi, iwakku mati je kang…
SURIP
Kowe ki pethuk kok Sum! Iwak ki nek
dileboke banyu yo raisa ambegan!
SUMI
Kowe ki piye ta kang?
SURIP
Wis iwake gek dikubur, nyo pit e nggo
pit-pitan!
SUMI
Wah
turnuwun ya kang…
SUMI LANGSUNG NYAUT PIT E DINGGO PIT-PITAN
MUBENG-MUBENG KAMPUNG.
MAK
JIUK
Kowe kok ndidit le?
SURIP
Aku saiki kerja nang kerajinan Mak, nang kutha! Direkture
jenenge Kelik Barjo. Bojone landa
Australi, ayu mak. Tur juraganku ki kaya wong stress, hobine dolanan wong wedok
nakal. Tenane uripe kesepian, wis kentekan acara. Terus senenge curhat ro aku. Deweke ki bingung dadi bojo pa Gigolone.
MAK
JIUK
Simak melu seneng le nek kowe wis kerja…
SURIP
Suk tak salamke
ro pak Kelik Barjo pa? Sapa ngerti cocok ro kowe Mak..
MAK JIUK
Cah Edan! Nek ra ngelingi kowe ro Sumi wis
tak tinggal golek lanangan wingi-wingi Rip!
Surip Mlaku
Ngadoh, Golek Nggon Nggo Nendang-Nendang Ro Ngantemi Angin
SURIP
Gojek kok Mak...
MAK JIUK
Saplok Bapakmu minggat ki. Kasih sayangku rak ming nggo kowe ro Sumi ta?
Kowe gelem duwe bapak tiri pa?
SURIP
Walah..ho..oh..mak..! aku ngerti nek kasih sayangmu ki luwih-luwih! (dremimil) simak ki sok-sok’an, nek
pengin jatuh cinta neh ki tenane aku ya rapapa.
MAK JIUK
(mbalang sandal) Cah
lanang senenge Ndremimil, njijiki!
SURIP
(kaget) Duoh! Simaki galak tenan! Ra
ngerti wong lagi stress!
Mak
jiuk ming menjap-menjep. Surip mbaleke sandal sisan. Njupuk gitar sing gumletak
nang cedhake mak ne, banjur surip nyanyi-nyanyi dewe ra ana nadane.
SURIP
Nang njeron bis kutha aku ketemu marang wanita…
endah pasuryane, grapyak
wicarane,
dawa rambute, kuning langsat
pakulitane.
Sawijing dina aku lunga menyang
ngomahe
Ati selak ngebet pikiran wis
mumed
Mbasan tekan kana jebulane wis
ana priya liya nang jejere.
Awakku lemes lempe-lempe kaya
gatutkaca ilang kapite.
Tiba mlumah kepleset pace.
Oh..kere..!
Oallah…Wedos wedhos..!
cah wedok-wedok ki cen marai mumed tenan!
Bakir teka karo singsot-singsot,
terus mesem weruh mak jiuk. Surip kaya wong bingung dolanan gitar
dewean, jrang jreng!
BAKIR
Piye kabare yu? Aman ta? Asune wis ra
bakal bali meneh Yu!
MAK JIUK
Aman Kir...wis sesasi asune ra ngetok!
BAKIR
Saben pojok kampung ki wis tak sebari uyah.
Sengara ana asu pa Iblis sing isa mlebu Yu! Sing penting uripe awake dewe tentrem!
MAK JIUK
Hai ya! urip nek ra sanding Asu gudiken ki yo aman!
Kowe Arep mbanci pa Kir?
BAKIR
mbok ra ngisin-ngisinke yu…Ora yu, arep golek gawaean anyar. Pasaran
manuk lagi sepi je. (noleh nanggone
Surip) Yu, anakmu sing bagus dewe ki lagi ngapa ta?
MAK JIUK
Ass..mbuh Kir! Kit mau nyanyi-nyanyi dewe. ketoke lagi patah hati!
Bakir Marani Surip Sing Lagi
Stres.
BAKIR
Ngapa e Rip? Ketoke kok nganeh-anehi. Lagi wuyung pa?
Surip meneng semu-semu mangkel
krungu suarane bakir sajak ngece. Surip ngambu-ngambu klambine bakir sing aneh gandane ning irunge surip.
SURIP
Buajiguri…ambune kaya Lonthe! Kowe nganggo parfum pa Kir?
BAKIR
Wo…lha iki sing marai gratis nek mbanci je.
Kowe ki patah hati pa Rip? Ra sembada sing kemaki! Ming loro ati we njuk
stress!
SURIP
Kowe ki cen
radong perasaan kok Kir! Rangerti artine Cinta! The meaning of love!
BAKIR
Hahahahaha…jaman saiki kok isih liwat jalur cinta! Uripe we ra jelas kok
mikir Cinta barang. Cinta ki kudu duwe visi misi lan materi! Ngerti ra?
SURIP
Cinta ki dudu program je Kir! Padake Organisasi! Cinta ki Endah, jujur,
tulus, isa nampa apa anane
lan saling melengkapi…
BAKIR
Woo...pethuk! lha wong radong! Bolabali nek generasi putri Cinderella!
MAK JIUK
Kowe kuwi Kir. Ngandani
Tole ki wis siap omah-omah pa?
BAKIR
Reka-reka yu..! Jajan we penak!
MAK
JIUK
Cah ra genah! Le! aja tiru-tiru Bakir! Lha kowe
ki tenane piye ta le? Seneng
cah lanang pa cah wedok je?
SURIP
Mak! Kowe ki nek omong mbok ra waton! Aku ki Gentelmen!
Macho! Yo seneng cah wedok!
MAK JIUK
Sing tok senengi ki sapa je le? Lha cah wedok-wedok sing sok dolan ro kowe
kae pacarmu dudu je le? Jare isih trauma?
SURIP
Dudu Mak, kae ki mung sahabatan ro kakak adik’an kok Mak! Tenane aku ki lagi seneng ro cah pinggir sawah Mak, jenenge Utami.
Lengkape Utami Setyarini...
BAKIR
Ha ya nek seneng ditembung! Cah jirih! Mesti wedi ditolak to? Kalah saingan
to kwe!
Cah lanang payah! Njijiki!
MAK JIUK
Ana saingane pa le? Sapa e le sing nyaingi kowe ki?
SURIP
Ho oh e Mak, tur masalahe dudu kui Mak. Nek saingan ya cetha menang aku! Ya
cetha gantheng aku Mak! Kana ki ming menang mburok!
Bocahe ki ora ayu, tur pinter njoget ro nyanyi!
BAKIR
Aku ki ngerti bocahe Rip, cah kuliahan ta? Mesti ditolak kowe ki Rip! Kandani kok ngeyel...Wis ta…mbajing Wae…puenak Rip! Sak Penak penake penak! Percaya lenga
ula ra percaya minggat ta!
SURIP
Prek Kir! Hanek kowe mono, Bi Sex! Kene ki pecinta non mukrim je!
MAK JIUK
Wis tak mlebu
wae! ngrasake cah saiki marai teren!
Cothot
metu nggawa gendheng tumpuk lima, latihan silat ngarati gendeng! Mak jiuk mlebu
omah nggawa godhong gedhange. Sumi teka nyetandarke pit terus mlebu omah.
SUMI
Mak aku ngelak mak!!
Bakir
lan surip ndelengke chothot sing lagi latihan silat. Sajak gumun weruh cothot
sing rada emosi ora kaya adate sing tenang.
SURIP
Kir kae Cothot kae kemakine ra ilok-ilok!
BAKIR
Thot! Nek wani dadimanten! Ra ming ngarat
gendheng!
Cothot
mandeg sing ngarat gendheng, marani bakir tansah mangkel.
COTHOT
Omong apa kowe Kir? Njaluk tak idak-idak pa?
SURIP
Wis Thot..wis Thot..! wis to rasah kerah neh!
BAKIR
Rasah dipisah Rip! Ben tak tandangane.
Kahanan
dadi rame. Mak jiuk lan sumi metu omah
MAK
JIUK
Ki piye ta malah kerah dewe? Le! Jare Sumi Asune
teka Meneh!
SUMI
Ho oh kang, irit-iritan akeh buangeti!
Surip,
bakir lan cothot mandeg sing rame-rame. Cah telu lansung gage mlayu niliki asu
sing irit-iritan tumuju kampung.
SURIP
Yo tilike disik sepira kekuatane!
MAK
JIUK
Sum kowe nang kene disik rasah lunga-lunga!
SUMI
Ho oh mak..atai-ati mak…
Kabeh
padha lunga niliki asu. Sumi ijen kethap-kethip bingung apa sing arep dilakoni.
Sumi mbingungi dewe naging deweke ming plorak-plorok. Rupane katon nyremimih
ngejak om0ong-omongan karo kreweng.
SUMI
Aku wegah nyanyi…(gedhek-gedek)
KREWENG
Ha ngapa?
SUMI
Pokokmen wegah…
KREWENG
Mbok nyanyi ta…
SUMI
Wegah..aku wegah nyanyi kok..
KREWENG
Ayo ta..nyanyi ta…
SUMI
(kembik-kembik dewe) Wegah…aku wegah ok
pokokmen wegah…
Let
sedela mak jiuk, surip, cothot, lan bakir bali meneh, nanging rupane sajak kaya
kawatir.
SURIP
Wuohh…! Nek kae akeh tenan ewon cacahe!
BAKIR
Awake dewe kudu piye ki Rip…?
MAK JIUK
Kok isa bali
meneh ki piye ta Thot? Jare wis tok betengi
nggo ilmu Lembu sekilo?
COTHOT
Aku ya ra ngerti je yu? Kok isa piye ya?
SURIP
Aku bingung tenan ki? Betenge wis ra
mandi! SURIP KAYA CUBRIYA Gek-gek salah sijine seka awake
dewe ana sing berkhianat ki? Apa gek-gek ana telik sandi sing nguping? Piye ki Thot? Soale singerti japa mantrane ming kowe!
COTHOT
Kowe nuduh aku pa Rip? Mbok wani sumpah
ditabrak laler!
BAKIR
Saiki sapa meneh?
COTHOT
Gek-gek kowe
dewe Kir? Barangmu anyar-anyar ki mesti disogok duit ro Asune?
BAKIR
Nek omong mbok
ra waton Thot! Bajiguri!
Bakir maju ngejak kerengan cothot. Surip gage
le misah
MAK JIUK
Uwis! Uwis!
Malah kerengan dewe-dewe! awake dewe ki saiki kudu piye?
BAKIR
Nggo mboktekake sapa sing marai asune bali
meneh saiki banyu kendine di jupuk neng cedhak kijinge mbah
Karto! Nek ana sing mbalela, bakal dadi asu gudiken bar ngombe banyune!
CHOTHOT
Hai yoh! Aku ra wedi!
SURIP
Sum banyune
di jupuk!
Sumi mlayu njupuk banyu, terus bali
meneh
SURIP
Iki ra merga
piye-piye, tur ben kabeh ketok cetha! Yo diombe mbaka siji yo…!!!
Banyu
kendine diubengke, kabeh padha ngombe banyu kendi siji-siji. Sawise ngombe
kabeh padha meneng wae! Chothot ngerti-ngerti awake ngolet-ngolet.
BAKIR
Rip..Rip tenan ta Rip! Ra lidok silit kodok!
Sing mbalela ki Cothot!
Chothot
Ngadeg Biasa Meneh
COTHoT
Ye.. tak apusi.
BAKIR
Wo…Malengi!
SURIP
Hehe… kowe ki nek rumangsa bener njuk
semena-mena!
BAKIR
Ya ra ngono Rip…kowe
ki cen maling ok Thot! Marai isin!
COTHOT
Hehehe…
NGERTI-NGERTI BAKIR MBANYAKI DEWE CEKEKERAN
KAYA WONG AYAN! POLAH TINGKAHE RAKARU-KARUAN.
SURIP
Kir..kir..kir..!!
Bakir
Nggereng-Nggereng…
SUMI
Mak! Kang Bakir kena pa je?
MAK
JIUK
Wis meneng wae nduk. Engklek wae kana!
CHOTOT
Ha ya Ngeneki Rip si penyebar fitnah. Akhire
dadi asu!
Bakir
sing arep dadi asu nyedaki cothot kaya arep mbrakot, jebul ora.
BAKIR
Kowe ki ngapa Thot? ye kowe ya taapusi…sing
dadi asui sapa?
MAK
JIUK
Malah dha gojek. Asune wis
cedhak ngerti ra?
Dumadakan
suara asu-asu sing padha njegog wis krungu samsaya cedhak.
SURIP
Wis saiki awake dewe kudu dadi siji maneh ben ora kontrang-kantring! Iki
cen kudu kerengan tenan! Wis dha siap-siap
wae!
Kabeh
padha nyiapke senjata kanggo kerengan! Bajur kuwi padha ngindhik asune wis
tekan ngendi.
BAKIR
Kae Rip…! Limang menit kas wis
dha tekan kene. Aku wis raurusan Rip! Apa wae
tak lakoni angger Asune dha minggat seka kampung kene!
SURIP
Wis siap kabeh?
SUMI
Aku piye mak? Tak engklek wae yo mak…
MAK
JIUK
Kana engklek nang njero omah wae kana!
SUMI
Ho oh mak…
Suara-suara
asu wis samsaya nyedak, jegogane ketara banget. Jegogan asu sing licik, julik
lan njijiki!
SURIP
Ngitung, lan cancut tali wanda 1 2
3 sikat….!!!
Ciatt..ttt! Dibetengi sing kuat! Aja nganti ucul mak…!!!
Kabeh
pada kerengan mungsuh asu sing ewon cacahe! Asu-asu kuwi mau
mlumpat-mlumpat lan mancali apa sing ana nang cedhake! Ilate melet-melet, ilere
tetes-tetes, lan abegane mbekos-mbekos! Asune isih terus njegog ra
mandeg-mandeg! Kabeh tenaga wis entek kanggo nglawan asu-asu!
Kabeh
wis padha lemes, rakuwawa ngadepi kahanan seng nganeh-anehi. Kahanane
wis dudu kahanan wong waras. Kabeh padha ndleming ra ana jluntrungane. Kabeh
wis ora eling. Kabeh pada dleming. Kabeh wis ora kuwawa ngedepi asu-asu!
Nanging satenane kabeh isih kepingin urip waras! Kabeh pada ambruk glangsaran.
MAK
JIUK
Le… ketoke awake dewe bakal dadi asu le…
SURIP
Mak, aku wegah dadi asu Mak. Aku wegah tenan
mak! Aku pengin dadi Guru komputer, Aku aja dipeksa Mak! Aku tak minggat wae
nek wis ra ana sing tak tresnani. Simak biyen nate kanda, nalika aku kelas telu SD: sinaua kanthi temen.
Sinau marang sapa lan apa wae, banjur amalna ilmune kanggo madangi donya.
MAK
JIUK
Le… ketoke awake dewe bakal dadi asu le…
SURIP
Aku isih kelingan mak. Welingmu kuwi kaya-kaya
tumemplek ana atiku. Terus nalika aku kelas telu SMP, simak ya nate kandha: aja
pisan-pisan nyolong barange liyan, Aja pisan-pisan ndelike samubarang ala. Kuwi
mau kabeh isih tak eling-eling mak…
MAK
JIUK
Le… ketoke awake dewe bakal dadi asu le…
SURIP
Aku kepingin urip luwih apik mak…aku wegah dadi asu! Siji maneh Mak.
Setahun kepungkur nalika aku kelas 3 SMA simak mejang aku: Dadia pawongan sing
bebas lan mardika!! Aja kaya bapakmu sing ming dadi kecu sing ndemeni wedoan
saparan-paran! Lan aja gelem dipeksa! Aku ora ngerti mak..aku ora ngerti Ngapa
simak lali kabeh? Saiki Mak,
Nyatane aku rumangsa dipeksa! Aku wegah tenan mak…!
MAK
JIUK
Le… ketoke awake dewe bakal dadi asu le…
Ana
suara asu-asu pada njegog…sumi metu saka ngomah nggawa meja sinau.
SUMI
Kreweng…kreweng…aku sesuk arep sekolah sing
sregep kok weng…tur aku wedi je weng…Mengko nek aku dadi wong pinter piye weng? Ah, sing penting aku sinau
Sinau mulai....
Sumi
nari ana nduwur meja. Nari karo mesam-mesem dewe....kabeh pada ndomblong
ngematke sumi sing lagi sinau dewe.
Ini budi
Ini ibu budi
Ini bapak budi
Ini kakak budi
Ibu budi bapak-bapak
Bapak budi kakak wati
Kakak budi ibu-ibu
SURIP
Meneng-meneng aku ki duwe cita-cita lho Mak.
Aku ki mbaka sethitik nabung mak, mbotge mburuh nang
pasar buah. Saktemene aku ki pengin nyekolahke Sumi. Aku pengin Sumi isa internet duwe Facebook. Sapa ngerti kowe pengin dadi presiden
Mak..ko tak gaweke Wibesite: Mak Jiuk For President! Ben Sumi pinter bisa maca jaman, maca kahanan, lan maca kabeh
samubarang sing marai bingung awake dewe mak. Ben kabeh katon cetha! Ora
gampang diapusi marang liyan!
MAK
JIUK
Le… ketoke awake dewe bakal dadi asu le…
SURIP
Aku wegah mak..aku wegah…dadi asu mak….!!!aku wegah dipeksa kahanan
mak!! Aku wegah…Mak….!!! Awake dewe lunga saka kene wae mak!!! Awake dewe minggat
saka lemah karang abang kene iki…!!! Aku wegah tenan Mak!!!! Wegahh….Makkkk!!!!
Mak jiuk mlaku nyedaki surip karo
njenggung ndase Surip.
MAK JIUK
Nek wegah rak ya wis. Rasah bengak-bengok
le…kemaki! Kaya well- wella! Uwis
Saiki awake dewe lunga wae! nek ra gelem dadi asu lunga wae…lunga muleh nang
ngomahe awake dewe-dewe. Awake dewe ki tenane wis diwarisi omah dewe-dewe
ro mbah Karto. Sing ngerti nggone ki ming aku. Wisben kampung kene ki ben
dinggoni asu-asu wae. Mbah Karta ya tau kanda nek lemah kene ki bakal dadi
karang abang!
SUMI
Kreweng…kreweng…aku sesuk arep sekolah sing
sregep kok weng…tur aku wedi je weng…Mengko nek aku dadi wong pinter piye weng?
MAK JIUK
Nduk…Wis
wae yo… melu Simak…
Asu-asu
isih pada njegog kuwi mau dumadakan pada mabur
Nggondol omah-omah, wit-witan lan
sapinunggalane.
Mak jiuk, surip, cothot, bakir, lan sumi tangi
lan kaget weruh kahanan sing nganeh-anehi. Kabeh pada bingung naging wis ra
kuwawa meneh.
SURIP
Mak…! Iki ana apa Mak…! Kedadean apa ki Mak!
Asu-asune njeboli sakabehe Mak…!
SUMI
Kae Piye Mak…?!
Omahe awake dewe digondhol Asu…
BAKIR
Wuoh! Wit-witane
barang digondhol je Rip…
SURIP
Asu Ngglathak! LICIK! JULIK!
SIMAK
Sum…rene sum, ndak kembrukan omah…(OMONG RO SURIP)Wis ben digondoli
kabeh. Nengke wae le…
COTHOT
Heh! Heh!
Heh…! Ki kijinge Mbah Karto arep di
gondol!
Kabeh pada gumregah!
Kabeh ra trima nek kijinge mbah karto melu di gondol asu!
SURIP
Heh! Su…! Kabeh entuk tok Gondol! Nanging kijing iki aja!
BAKIR
Minggat…kana Su…!!
MAK JIUK
Su….asu…kabeh apa-apaku wis ta rebut kabeh!
Omahku, uwitku, lan tangga-tanggaku sing tak tresnani wis
ilang…! Aku arep lunga saka lemah kene. aku wis
raurusan! aku tetep isih isa urip tanpa dadi begundal! Aja pisan-pisan ngganggu
uripku meneh…aku isih duwe kringet!
Wis ben Le…ben lemah kene dinggoni Asu-Asu!
SURIP
Aku ngerti mak..Piye-piye nek asu ki ya tetep
asu Mak! Mesti duwe cara sing julik, licik lan njijiki! Awake dewe kudu isa
ngrebut kijinge mbah Karto! Saka cangkeme asu-asu mak!
Nanging
asu-asu kuwi mau tetep kepengin nggondol kijinge mbah karto. Kabeh pada
ngupengi njaga kijing. Asu-asu mau pada njegog kepingin nggondol kijing.
Nanging kabeh pada nglindungi. Nganti eneng-enengan rame banget kahanan dadi
rakaru-karuan!
Simak,
surip, bakir, cothot, lan sumi ngetokake kabeh tenagane nggo ngrebut kijinge
mbah karta! Kijing sing dadi prasasti. Kijing sing satemene tanda urip lan ati
sing ora isa direbut sapa wae! Urip lan ati sing ora isa mati!
SURIP
Kudu direbut
Mak! Ngrebut uripe awak dewe! Ngrebut kringet dewe! Ngrebut atine awake dewe
Mak…! Ben awake dewe isih isa Ngguyu Mak..!! Su Asu....!!! Minggata saka uripku Su! saka atiku....!! Minggatta su
Asu...!!! Minggat Su...!! ASUU...!!!
Kijing
kuwi mau kasil direbut sawise ucul saka eneng-enengan! Banjur kabeh pada ambruk
mbaka siji-siji ngekep kijinge mbah karto…
……. SAMPUN RAMPUNG ……
Mak…aku wis
ra urusan mati pa urip!
Dadi asu rapapa sing penting penak lan penak buangeti,
Nek jebulane urip kuwi ming menang-menangan!
NGAYOGYAKARTA
2008 – 2009 – 2010
BalasHapus- jual titan gel
- titan gel asli
- titan gel original
- Jua obat pembesar penis
- Jual Obat Pembesar Alat Vital Pria
Titan Gel Asli
BalasHapusMinyak Pembesar Alat Vital
Titan Gel Original
Hammer Of thor Asli
Obat Forex Asli
Obat kuat Pria
Obat kuat Viagra
Obat Viagra Asli
Ciri titan Gel Asli
Jual Titan Gel Asli
Obat Pembesar Penis Pria
If you're attempting to lose fat then you have to jump on this brand new personalized keto meal plan.
BalasHapusTo create this keto diet service, licensed nutritionists, personal trainers, and chefs united to develop keto meal plans that are efficient, decent, money-efficient, and enjoyable.
From their first launch in January 2019, 1000's of individuals have already completely transformed their figure and health with the benefits a professional keto meal plan can give.
Speaking of benefits: clicking this link, you'll discover 8 scientifically-tested ones offered by the keto meal plan.