Jumat, 15 April 2011

LELAKON urip dilakoni kanthi waras lan trengginas!

Drama Bahasa Jawa


Pambuka


Cah ayu, Ukara iku saka manah lan dudu slangkrah…

mBiyen aku nate kanda: Sliramu bakal dak critani ing satengahe latar wayah padang bulan. Carita sing saben dinane ditemoni ing kahanan urip, nanging luput saka pandelenge awake dewe.

Sajroning urip manungsa iku akeh carita sing matumpuk-tumpuk. Saka jamane Adam lan Siti Hawa nganti tekan suk nek wis ubenge jagad mandeg lan pitik jago wis ra pada kluruk maneh. Njungkir njempalik sungsang malange kahanan urip manungsa wis ora kena diowahi maneh. Dewa wis ora kuwawa! Dewa wis nguja manungsa obah sakarepe udele dewe!

Urip wis ora saderma mampir ngombe maneh. Urip dadi dalan dawa. Dadi gilingan sing mubeng minger ora karu-karuan! Nanging Sliramu aja gigrik lan nggresula anggone nglakoni. Pancen kudu obah. Dilakoni nganggo kringet lan pikiran wening. Dilakoni Kanthi Waras lan Trengginas!

Hmmm…Ing sadawane dalan lan mubeng mingere gilingan iku bakal nglairake ukara. Cah Ayu…Ukara iku dak ukir masasi-sasi ana sajroning ati lan kabukak ana satengahing wengi banjur ajur dadi bubur bubar wutah nang tengah latar. Nanging, kanthi setya lan tresna dak ronce alon-alon dadi LELAKON.

nDak jaluk Sliramu aja grusa-grusu anggone maca ukaraku, sak banjure sakarepmu anggonmu nampa, merga ukara kuwi wis dadi duwekmu. Wacanen nganti kecandak LeLaKon-mu!


Ngayogyakarta, 2006

Andy Sri Wahyudi
Suk nak ana beling bosok,
jagading manungsa bakal ayem tentrem lan akur rukun.





LELAKON
Urip DiLakoni Kanthi Waras lan Trengginas


Katulis Dening : Andy Sri Wahyudi








Kagem:
  • Kanca-kanca ing Kampung Mijen lan kowe-kowe kabeh sing dak tresnani. Kowe kabeh sing isih wani urip nganggo pikiran, ati lan keringete dewe.

  • Dhik Eva Mutiara lan Em Ahmad Jalidu
  



Aja dadi kadang konang lan seneng ngereh liyan!




Aku lan Kowe kabeh urip ana satengahing jagad manungsa jagad cebleng jagad amoh jagad mawut jagad kobong jagad asu bajingan jagading LELAKON!



Ringkesan Carita

Wis ora kena diselaki maneh, jaman ora tahu mandeg. Modal gede terus mubeng nggiling manungsa. Awak dadi wesi keringet dadi oli! Manungsa wis raurusan marang liyan. Akeh sing pengin ngrasakake surgane donya lan surgane akhirat kanthi ngalalake kabeh cara. Uriping manungsa samsaya suwe samsaya kebacut: dadi kewan sing tegel pangan-panganan.

….lan ana agama anyar sing jenenge: Duit!

Ana satengahing jaman kuwi carita lan lakon-lakon kacipta: Nanang Edan, Kawit, Kajine Amat Sugeh, Nursoleh, Samsinah, Cempluk, Jumiran Alap-alap, Mbah Temu Cahyadi, Lestari, Siti lan Nurdin. Wong-wong sing urip ana ing pinggir kutha. Akeh carita dadi siji ing LELAKON. Kabeh duweni lelakone dewe-dewe: seneng, ndagel, trenyuh lan ana kekuataning urip sing bisa dadi kaca benggala ing sajrone nglakoni urip!


Cah Ayu…Tresnaku Ora uwis-uwis….



Lakon-Lakon ing LELAKON

  1. Cahyadi
Pawongan Lanang enom umur 25 tahun. Rada pecicilan tur romantis.
  1. Nanang Edan
Pawongan Lanang enom umur 27 tahun. Mbiyen tukang gawe gurit lan puisi.
  1. Lik Kawit
Duda duwe anak siji, umure 45 Tahun. Bekas maling nanging sok Priyayi wicaksana.
  1. Kajine Amat Sugeh
Tetua ing kampung umur 50 Tahun, isih ketok gagah, senengane nganggo teken ben merbawani. Gaweane nyramahi uwong.
  1. Nur Soleh
Cah enom, bujang umur 20 tahun. Sregep salat lan lugu.
  1. Nurdin
Nom-noman umur 22 Tahun, tukang adu jago nanging setia marang pasangan. Ne nyandang model gali 70an. Rambute kliwiran.
  1. Jumiran Alap-alap
Maling kelas teri, umur 21 Tahun nek nyandang lan bahasane gayane kaya wong landa.
  1. Lestari
Pawongan wadon umur 23 tahun, manis, cah kuliahan.
  1. Samsinah
Randa cerai duwe anak loro, umur 40 tahunan. Sregep nyambut gawe lan rada galak.
  1. Siti
Remaja loro SMA umur 17 tahun. Bocah wadon manut lan gemati marang wong tua lan sedulure.
  1. Cempluk
Randa ditinggal mati duwe anak siji, umur 24 tahun. Geleman lan nggateli nek karo wong Lanang.
  1. Mbah Temu
Simbah-simbah umur 70 tahun, nanging isih ketok sehat. Hobine mancing.




Ca Kanca, aku arep gawe Sandiwara kanggo awake dewe. Sandiwara kang marai ngramekake kahanan urip lan marai gawe senenge ati. Tangga teparo mesti pada mirsani, kahanan kampung mesti dadi rame, guyup, rukun lan gergeran.Ca, Panggung ana ing Sandiwara iki ora nuntut werna-werna. Cukup geber ireng dijereng amba kanggo latar panggung, ditambah geber loro cacahe dijereng ana ngarep sisih kiwa tengen geber latar panggung. Dadi lawang ana satengahing panggung. Level kayu ditata ana ngarep lawang saka geber mau, sacukupe wae (manut ukuran panggunge) ditambahi  level siji ana duwure, diselehake tengah.Iki panggunge ngirit Ca.. ne arep pada dikreasi dewe ya luwih apik. Panggung kuwi mau isa nggambarake: omah, dalan, latar, kali, lan setting adegan liyane ana ing naskah. Para pemain padha lungguh ana ing kiwa tengene panggung. Sak wayah-wayah nek kedapuk main kari menyat munggah panggung lan bisa clekopan. Gampang ta Ca….
Yo pentas yo…!!

Ekstra:
Dibuka ngagem musik sing marai mancing pemirsa pada ngumpul lan mirsani drama.

Lestari njerit saka njero omah banjur mlayu metu kotangan tok, deweke  ngrungkepi awak nganggo klambine, rambute katon awul-awulan. Cahyadi nututi metu wudo mbligung, kathoan dawa, tangane nggegem peso glati. Awake kemringet!

Lestari             : AAA……AA…..iiihh….!!!

Cahyadi           : Les! Lestari! Les!

Lestari mandeg ngonek-ngonekke Cahyadi karo tangisan.

Lestari             : Cah! Aku rangira nek kowe tega tenan karo aku! Tumindakmu kaya kewan!

Cahyadi           : Les! Sing nglakoni ki dudu aku Les!

Lestari             : Nyatane! Nyatane anane mung kowe karo aku Cah!

Cahyadi           : Les! Sak mbajing-mbajingku ya Les. Aku ki durung tau jenenge   ngruda peksa wong wadon!

Lestari             : Pokokmen aku ra trima! Aku ratrima Cah! Aku ora trima!

Lestari mlayu ninggalake Cahyadi. Sesenggukane samsaya ndadi!

Cahyadi           : Les! Lestari! Lestari….!

Cahyadi nututi mlayu nanging ora kecandak, Cahyadi mandeg lan getem-getem dewe.


LAMPUNE PANGGUNG MATI, MAK PET.

Sadurunge panggung padang, kabeh padha nyanyi bebarengan. Lagu iki nek digameli apik nanging nek ora digameli ya tetep apik Ca.. :

Wong Urip nang donya
Nglakoni dalaning urip
Eling marang sing kuasa
iku sing nomer wahid
aja pada drengki
aja dha rumangsa
wong urip nang donya mung sawetara
aja padha gemblung
aja dha sulaya
wong urip nang donya ora langgeng.

kacipta dening Mas Surya Esa


Adegan Lik Kawit Ceramah

Wayah esuk jagone kluruk dawa. Disusul jago-jago liyane, banjur krungu lagune The Beatles: When I Saw Her Standing There saka njero omahe Lik Kawit.
Ana ing pinggir dalan ngarep omahe Lik Kawit akeh wong pada sliweran: Jumiran Alap-alap lari-lari pagi nganggo walkman, kaos sporet kuning lan sepatonan. Yu Samsinah mlaku ngetung duit ewon owol-owolan. Siti lan Nurdin pacaran oyak-oyakan. Cempluk gawa jligen tuku lenga. Kajine Amat Sugeh sing lebar ceramah subuh lan Nursoleh sing lagi arep mubeng proposal mlaku sliringan, rembugan nang dalan sedilit banjur mlaku bareng. Cahyadi mlayu gawa ciduk isi sikat gigi lan odol merga kebelet ngising.  Lestari mangkat kuliah nggawa tas slemprang.  

(NB: Teknik muncul lan lakune dikoreografi ya Ca…ben katon regeng.)

Ana wong lanang edan aran Nanang Edan, sing kawit mau turu nang njero kurungan pitik ing pojok latar. Nanang tangi gumregap, mbengok santer metu saka kurungan pitik. Banjur nggulung-nggulung banjur melu nyanyi lagune The Beatles, When I Saw Her Standing There ro joget-joget  dewe, sak senenge atine. Nanang Njoget nganti tiba nang lemah kejang-kejang kaya wong ayan. Nanging alon-alon Nanang tangi  maneh njoget-joget dewe ro ngomyang. Dasar wong ngedan!

(NB: Njogete Nanang digarap sing wangun lho Ca, ra ming waton njatil, jogetan sing gagah, kemaki, nggaya lan kaya pawongan bagus dewe sak Indonesia Raya.)

Nanang edan   : Widodariku… sawangen aku gilo. Rupaku bagus sinatriya, awakku gagah, gedhe duwur! Widodariku… dak enteni sliramu nganti mubenge jagad mandeg. Nganti pitik jago wis rapada kluruk maneh. Tresnaku marang sliramu ngluwihi tresnane Rama marang Sinta. Widodariku….dak rewangi uripku kabur kanginan kaya ngene ki merga nandang wuyung marang Sliramu. Duh…widodariku tresna iku lair saka ati sing kudu digemateni.

                           Widodariku! Apa ta sing kurang nang awakku, sawangen nganggo rasa batinmu. Saben wengi dak wacakke geguritan kanggo sliramu:   
ing wayah wengi iki dak tulis nawala kanggo sliramu cah ayu
ing sajroning nawala ana ukara
ukara kang wis masasi-sasi dak ukir ana sajroning ati
ukara iku saka manah lan dudu slangkrah
ukara iku saka manah lan dudu slangkrah!
Widadariku….

Lik Kawit metu saka ngomahe,sirahe  iket-iketan, katok’an Kolor, nganggo kaos ro mlaku.

Lik Kawit        : Wah…jyan! Esuk-esuk wis ngomyang! Ganggu wong turu! Heh Nang! Widodarimu ki sapa?!

Nanang kaget banjur noleh ndelengke  Lik Kawit.

Nanang Edan : Lho! Lho! Lho!!! Widodariku mudhun....Cah  Ayu....Widodariku!

Nanang mlayu arep ngekep Lik Kawit, nanging mlayu enda sajak gilo. Lik Kawit mandeg terus nggetak Nanang. Nanang mandeg sing ngoyak-oyak.

Lik Kawit        : E...eeee… eits...Heh! Widodari Ndasmu!

Nanang Edan : Ndasmu Barang! Kowe mesti Rahwana! Kowe Rahwana Sing nyulik Widodariku! titenana kowe ya. Titenana! tak jumukke watu gede tak tableg Ndasmu!

Nanang Mlayu nginthar karo ngguyu cekakaan.

Lik Kawit        : Walah Nang...Nanang. Nom-noman bagus-bagus je edan! Kok isa ki piye ta ya...? hhmm….wis, lakonana uripmu Nang…Nang…(ngunjal ambegan) E..alah...idep-idep nggo tontonan esuk-esuk.

Lik Kawit lungguh, Glenyengan dewe.

Lik Kawit        : Oalah urip….urip! Uriping manungsa jaman saiki kuwi wis ora saderma mampir ngombe maneh, kaya-kaya urip kuwi dawa…..banget. Samsaya neh sing uripe mlarat tur rekasa. Walah…mesti krasa dowu tur suwi. Pa meneh nek ditinggal bojone, ha mung ketap-ketip, nang kasur klisikan mbayangke sing ora-ora…jyaan… (Ngunjal Ambegan rada dawa.)

                           Ha iya, kabeh ki kepingin sugih lan keturutan karepe. Aku ki ngerti, tur rak ya kudu usaha ta, ben entuk duit! Apa-apa ki nganggo duit je. Kudu milih: duwe duit apa duwe duit akeh.
                           Karang ya nang donya ki isine ming ana loro: awan ro bengi, apik ro elek, lanang ro wedok…

Nurdin Nylekop saka kadohan

Nurdin             : Nek Banci Lik?

Lik Kawit        : Sapa kuwi mau sing takon?

Nurdin             : Kulo Lik, Nurdin!

Lik Kawit        : Yoh…Sik Din… kuwi ya ana loro! Sing penak ro sing rapenak! (Lik Kawit mrenges) Hai ki Din, iki pilihane wong urip ki yo ming ana loro iki: Milih penak apa penak buangeti! Ho oh ta?

Nurdin lan Liyane : Nggih Lik.

Lik Kawit        : Ha..ya…Matamu!! Ha kok le nggunyik! Karepe mak penculut langsung nang nduwur metenteng karo tudang-tuding kaya Raja! Kabeh ki rak ya nganggo lelaku ta cah! Lelaku kuwi werna-werna: ana sing colong jupuk nggone liyan kayata maling, copet, rampok, kecu lan sapinunggalane seka nduwur nganti mengisor. Nek rakuwi ya ngingu Tuyul, ndilati nduwurane apa ngapusi kana ngapusi kene.

Nurdin             : Nuwun sewu Lik, ha nek nyenyuwun kalian Gusti Lik?

Lik Kawit        : Kuwi ki rak mung sranane ta Le. Praktekke ki werna-werna! Kabeh ki ya wis nyenyuwun ben uripe kepenak, tur piye-piye rak ya tetep nganggo usaha ta…ha nek mung nyenyuwun tok, ya sak modare!
Kandhani jaman saiki ki apa-apa ki nganggo duit kok ngeyel! Pepinginane ki mesti ketururutan! adi terhormat tur kajen. Wis apa meneh? Sing nom-noman kaya kowe-kowe kuwi, tak takon: nek yang-yangan nganggo duit ra?

Pemirsa utawa kabeh pemain (Sak liyane Nurdin): Ngangge Lik…!

Nurdin             : (Nyaut) Kulo Nurdin pribadi! Mboten Sarujuk Lik! Ha nek niku tergantung Lik. Nek yang-yangan kaleh Siti anak’e mbokde Samsinah, nggih mboten ngagem duit. Ha mung teng pinggir kali kaleh ciprat-cipratan banyu empun seneng je. Cinta e kalah ro duit! Wu…Wong do radong sujarah! Kawit jaman Adam- hawa jenenge cinta ki gratis. Diparingi Gusti Allah. 

Lik Kawit        :  Sik ta Din, Ha wong wedok kaya Siti kae saiki wis arang banget je Din! Ha ya bejamu nek entuk Siti.
Modele wong yang-yangan jaman saiki ki beda karo jaman mbiyen. Nek mbiyen mono ming dumuk-dumukkan driji  we senenge ra njamak. Lingguh jejer we gembrobyos, nggregeli ra iso omong. Ha nek jaman saiki ki kudu nganggo bensin, boncengane motor digawe njengking, terus nang kape apa moll, terus ngamar! Pancen uripe ki wis dha edan-edanan! Nak ra duwe modal ya ra komanan. Klakon didak-idak tenan!

Cempluk teka mlaku alon-alon marani Lik Kawit, rupane tansah nyremimih. Lik Kawit weruh cengengesan sajak ngece sapenak udele dewe.    

Lik Kawit        : Ha ya iki. Iki. Hihiii…iki contone wong sing ra duwe modal! Jenenge Cah mlarat! Njijiki ta? Hiiiiihhhiii….

Cempluk mlaku marani Lik Kawit ro mesam-mesem nang jejere. Lik Kawit cuek.

Cempluk          : Lik…Lik Kawit. Lik…!

Lik Kawit        : Apa Pluk?! Mesti ra ndidit! Njuk ming arep utang aku ta? Ho oh ra?

Cempluk          : Kok ngerti Lik?

Lik Kawit        : Hajiguri! Ha ya nek mung ro rupa kere apal Pluk! Pira?

Cempluk          : Anu, Seket ewu wae Lik.

Lik Kawit        : Nya! Tur nek ra isa nyaur tak keloni lho!

Cempluk          : Walah…Lik Kawit ki reka-reka. Wong isa nyaur we dikeloni ya rapapa kok Lik…

Lik Kawit        : Ora Pluk, duite ki arep di nggo ngapa?

Cempluk          : Anu Lik, ajeng nggih mresake denok leh nggih tumbas empring cagak omah, lha pun doyong ngulon je.

Lik Kawit        : Walah, kesian… Nya, ta ke’i duit neh…

Cempluk          : Wah jyan.Lik Kawit ki apikan tenan je. Tur nuwun nggih Lik.

Lik Kawit        : Kit biyen aku ki apik’an. Teneh nek jahat jenengku Al Capone!

Cempluk          : Turnuwun nggih Lik…kulo tak sisan muleh.

Lik Kawit        : Hooo..oh…jyan…tur tak keloni lho…! (rupane nggilani)

Cempluk          : Inggih Lik…Inggih…

Lik Kawit        : Wu..! Nggateli! (ngunjal ambegan maneh) Piye…? Nek ndidit ki rak isa kuasa ta? Paling ora ki isa ngereh wong sak penake dewe..Wis ta…rasah dha ngeyel. Rumuse urip jaman saiki ki mung: duit..duit DUIT!

Ora let suwe Yu Samsinah liwat ( jarikan nyandang mbok-mbok pasar, batuke pilisan) nggendong dagangan pasar. 

Yu Samsinah   : Wit! tak ndisikki ya…

Lik Kawit        : Kere saka ndi meneh ki?!

Yu Samsinah   mandeg, rupane sinis, banjur marani Lik Kawit ro mandeng matane. Lik Kawit clinguran kaya pitik ngelih.

Samsinah         : Kere matamu! Nak mung tuku kowe we isa aku Wit!

Lik Kawit        : Walah, gojek kok Sam. Ora, kok ndingaren kawanen Sam?

Yu Samsinah   : Tole ki mau rewel! awake rada anget, njaluk ditunggoni. Tujune mbakyune sekolahe prei, Njuk tak kon ngganteni aku.

Lik kawit         : Kowe kuwi Sam, tak kandani duwe bojo meneh we kok ngeyel. Rak ya meso ta ana sing nggolekke duwit.

Yu Samsinah   : Gah! Wong lanang saiki ra nggetih!

Lik Kawit        : We…Karo aku wae po piye?! Nggetih lho aku ki!

Yu Samsinah   : Walah! Wit…kawit! Ta akoni kowe kuwi cen nggetih Wit. Tur sayange siji: Njijik’i!

Lik kawit         : Kowe ki mung durung ngerti aku sak tenane kok Yu!

Yu Samsinah   : Lha iya..kowe ki sak tenane Njijik’i! Isane mung klempas-klempus ra tau nyambut gawe. Kaya UWUH!

Yu Samsinah ngleter lunga ninggal Kawit. Kawit ora trima, muni-muni kadi kadohan.

Lik Kawit        : Wooh…! Uwuh…e…Jiguri! Heh Sam! Aku ki turunane Gajah Mada! Bu Lik ku ki R.A. Kartini. Aku ki Priyayi! Sembarangan!

Cahyadi ngetokake pit mini saka jero ngomah rada kesusu-susu. Cahyadi Klambinan kaya wong arep jagong manten.Deweke ngelapi pit nganggo kelambine, banjur ndodok ngubengke pedal. Ulate peteng.

Lik Kawit        : E…Tole ta…kok wis bagus ki arep nang ndi je le? Minggon pa?

Cahyadi ra semaur, mesem sinis. Rumangsa ora digagas anakke, Kawit ngrayu.

Lik Kawit        : Apa arep apel Lestari? Wis duwe sangu during le?

Cahyadi menyat, Nggebrak sedel pit. Lik Kawit rada kaget, nanging ditahan nganggo eseman merga wedi ndak konangan kaget.

Cahyadi           : Pak! kowe ki rasah kemaki! Gayane nek nang ngarepe wong akeh kaya sugih-sugiha! Duitku nang ngisor bantal ndi? Sing njupuk liyane kowe sapa?
                          
Lik Kawit        : Oalah….Kowe ki rak ra ngerti ta Le…Kene..kene…ta andani cah bagus…

Kawit nyedaki nyekel tangane Cahyadi, nanging dikipatke.

Cahyadi           : Ra butuh! Bola-bali duitku ilang, aku ming meneng wae. E…Malah saya ndadi! Sing golek ki angel! Aku ki nyambut gawe, ra ko kowe!

Lik Kawit        : Sik ta Le…sing sareh. Bapak ki seneng, kowe nyambut gawe entuk duit. Tur duitmu ki sing entuk seka ndi je le?

Cahyadi           : Saka ndi piye ta ki? Ha ya saka sing menang adu jago!

Lik Kawit        : Lha…! Berarti duitmu ki rak ya duwit karam ta le? Ben adil, dosane ki dibagi wong loro. Separo nggo aku separo nggo kowe. Piye? Penak ta? Apik’an to aku?

Cahyadi mlaku ngubengi Lik Kawit ro ndelengke rupane. Lik Kawit meneng wae ora obah.

Cahyadi           : Ora, kowe kuwi Pak! Muni kalal karam ki njuk isa njamin aku dadi pegae negri? nyambut gawe mapan terus entuk duit khalal pa?

Lik Kawit        : Wah jyan…

Cahyadi           : Wah jyan piye?! Raurusan kalal karam Pak! Sing penting duitku balekke kabeh kene! Kene..! cepet!

Lik Kawit        :  Wa…lha anu e le…anu…wis ta utangke Cempluk je…rekane aku ki nulungi Cempluk e Le. (Lik Kawit mesem nyedaki Cahyadi) Nha…berarti Cempluk ki rak ya melu dosa ta Le…? Wong utang duit karam.

Cahyadi           : Wo…! (Nudingi rupane Lik Kawit) Tenane sing dosa paling gede ki ya kowe kuwi Pak! (Ambegane Cahyadi mulai ra teratur) Kowe ngutangi Cempluk ki ming arep to keloni ta? Ho oh ra?! Wong tua Senengane lakang!

Lik kawit         : Le…ora ngono ta Le…ngene lho karepku ki Le…

Cahyadi           : Piye…?!!

Lik Kawit        : Anu, aku ki rak seneng ro lakang…

Cahyadi           : Apa?

Lik kawit         : Ora, wah jyan piye ta ya iki?

Cahyadi mlaku wira-wiri nang ngarepe Lik Kawit ro nuding-nuding. Matane Lik Kawit ngetutke lakune Cahyadi lan kaget-kaget sitik yen Cahyadi nudingi.

Cahyadi           : Ha iya kaya ngene iki sing marai Simbok njaluk pegatan ro kowe Pak! Wong tua ra rumangsa! Raurus! Ko kecu! Sak tenane aku ya wis ra betah urip awor kowe pak!  Ra wangun dadi wong tua!

Cahyadi mlaku ngadoh, Lik Kawit marani banjur nggetak.

Lik Kawit        : Cah!

Cahyadi wis ora sabar, raine diadepke nang ngarep raine Lik Kawit. Cah loro pandeng-pandengan.

Cahyadi           : Apa! Wis saiki sing minggat saka kene sapa?! aku pa kowe! Wong tua ra duwe isin! Ko kecu! Aku pa kowe! Sapa sing sing minggat he?! Aku pa Kowe! Aku pa Kowe! Aku….pa KOwe…..!!!!

Lik Kawit nglumpuke tenaga, matane mendelik ambegane kenceng, banjur mbengok’i Cahyadi.

Lik Kawit        : Aku!!!! Bocah rangerti males budi! Cah raurus! Cilik di gedheke mbasan gedhe wani!

Cahyadi           : Gek Minggat rasah kakean iyik! Aku wis rasudi duwe bapak kaya kowe!!

Cahyadi mlebu ngomah njupuk klambine bapakne sing mung rong stel banjur di sebar ana latar.

Lik Kawit        : Le…!

Cahyadi           : Kana gek minggat!

Cahyadi mlebu omah maneh njupuk palu bodem. Lik Kawit njupuki pakaianne.

Cahyadi           : Nya! Nya…! Bandamu nya! Bodem.nggo mbobok tembok! Dadi a maling kana! dadia maling!  

Lik Kawit        : Le..! Mbok ra kaya ngono kuwi ta Le…Le.

Cahyadi mumbul-mumbul pasang kuda-kuda kaya petinju ngejak kerengan Lik Kawit.

Cahyadi           :Ngapa? Kana gek minggat! Rasah kakean cangkem! Kana minggat…!

Lik Kawit muntab, nuding Cahyadi.

Lik Kawit        : Yoh! Cah ra urus! Aku rasudi duwe anak kaya kowe! Cah Rakalap!

Cahyadi           : Aku ya rasudi duwe bapak kaya kowe!

Lik Kawit        : Wani ro wong tua! Suk Bakale mlebu neraka sing nomer pitu!

Cahyadi           : Kowe sing nomer wolu Pak. Wis gek minggat kana! Ciaat..!

Cahyadi mlumpat nendang bapakne nanging luput merga Lik Kawit gage mlayu! Cahyadi getem-getem dewe lan ngatur ambegane sing isih ra karua-karuan. Banjur kuwi Cahyadi nerusake le arep minggon ro isih nggrundel, nyandak pit siap-siap apel nangomahe Lestari.

Cahyadi           : Wong tua ora isa digugu. Karepe anak didadeke investasi!

Ora let suwe Yu Samsinah liwat meneh merga ana gawan sing keri. Yu Sam mandeg sedela weruh Cahyadi grundelan dewe.

Yu Samsinah   : Cah, Kowe ki ngapa e? omong dewe kaya wong edan!

Cahyadi rada kaget.

Cahyadi           : Eh, kowe ta Yu? Anu, lagi mumed!

Yu Samsinah   : Mesti bar kerah ro bapakmu meneh ta? Ho oh ta? Ra nyambut gawe pa? (Yu Sam gedek-gedek ndelengke Cahyadi) Kowe kuwi lho Cah, nom-noman kok isane mung adu jago. Nek wani mbok nyambut gawe liyane!

Cahyadi ndelengke Yu Samsinah, deweke rada mangkel.

Cahyadi           : Wo…dina minggu e nyambut gawe. Minggon Yu. Minggon. Apel!

Yu Samsinah   : Walah, sing to apeli ki sapa? Lestari pa? Ha ya sengara gelem, kae ki cah wedok berpendidikan je mung arep entuk slangkrah!

Yu Samsinah lunga ngleter ra nggagas Cahyadi. Cahyadi isih ndelengke lakune Samsinah katon nggonduk.

Cahyadi           : Woh…slangkrah og piye? Dasar wong radong perasaan. Aneh!
(Cahyadi kelingan Lestari) Lestari…entenana aku nang ngarep lawang omahmu Les…

Cahyadi banjur numpak pit, nggenjot kanthi bungah…


ADEGAN CAHYADI WUYUNG
                                                                                             
Ana ing dalan desa Cahyadi numpak pit singsot-singsot dewe merga saking senenge, (Diiringi lagu Sewu Kuta ne Didi Kempot.)
Nang dalan Cahyadi nyelip Jumiran Alap-alap sing isih lari-lari, nyelip Siti ro Nurdin sing lagi gandengan, banjur petu’an Nursoleh sing mruput gawa proposal nggo bangun Mejid. Kabeh diruruhi kanthi seneng, saking senenge Cahyadi ngguya-guyu dewe noleh kiwa nengen katon kemaki, ora ngetke dalan. Kajine Amat sugih ngerti-ngerti nyabrang dalan banjur arep ketabrak, Cahyadi gage le ngerem.

(NB: Adegan iki uga dikoreografi ya Ca…, ben katon asik. Cahyadi sing ngepit distandarke ngadeg terus digenjot dadi katon kaya mlaku tenanan.)

Kajine Amat Sugeh     : Astofirlloh….


Ora sengaja misuhi Kajine Amat Sugeh.

Cahyadi           : Hajingsai…i!! Wah…waduh…duh…nuwun sewu Pak Kaji…nuwun sewu tenan..Saestu…! nuwun sewu tenan…

Cahyadi nyembah-nyembah nang duwur pit. Kajine Amat nesu-nesu karo neruske mlaku sisan ngipat-ipat Cahyadi. Nudingi cahyadi banjur neruske lakune.

Kajine Amat    : Nek pecicilan neh, Tak Yasinke!

Cahyadi           : Waduh…ampun..pak Kaji…Ampun…

Cahyadi ndelengke lakune Kajine Amat Sugeh ro gedek-gedek, banjur nerusake sing ngepit. Nang dalan Cahyadi omong dewe ora sadar ne wis kedanan marang Lestari. Sing ngepit samsaya semangat.

Metu bayangane Lestari lagi dandan: jungkatan, pupuran, ngucir rambut. Lestari nyandang sederhana: rok-rokan biasa, kaosan gambar doraemon, lan sepatonan ket ungu ora nganggo kaus kakik.

Cahyadi           : Lestari…ayo nari…nari ana ing sajroning ati. Nari ana tengah wengiku Lestari…Duh, Cah Ayu ngertia marang sliraku, ngertia saktemene rasaku lan jejogetaning atiku…

Lestari nari-nari banjur kuwi ilang dewe.

                           Lestari entenana aku, dak rewangi ngepit adus kringet kaya ngeneki ya  merga sliramu. Pancen akeh wong wadon padha ngantri njaluk tak tresnani, nanging rasa tresnaku tiba nanggonmu. Wewayanganmu tansah ngganggu uripku. Oh Lestari…Lestari lan Lestari…. sliramu pancen pinter, wong sekolahan, nanging aku nyoba ngerti merga  sing tak tresnani sliramu dudu sekolahanmu! Letari…Bapak lan ibumu galak nanging tetep dak lakoni merga sing tak kawini sliramu dudu bapak lan ibumu. Lestari…!

Gubrak….!! Ana anak kirik Liwat, ketabrak muni mak Kaing! Cahyadi tiba njempalik.

Cahyadi           : Wo! Asui!

Cahyadi aduh aduh, sikil lan tangane mbeset-mbeset, nanging ra ana sing nulungi, deweke mijeti pupu sikile banjur alon-alon nggedeke Pit. Dipinggirke nang pinggir dalan, cedak latare Nurdin. Cahyadi leren nang ngisor uwit latare Nurdin ro mijeti sikile dewe.

Cahyadi           : Walahh…alah…gek gek sing mak kaing kae mau Lestari pa ya?

Saka pinggir dalan Nanang Edan baris marani Cahyadi sing lagi mijeti sikile, banjur ngubengi Cahyadi. Cahyadi namatke Nanang rada bingung. Nanang banjur njoget dewe karo ndleming kaya adad sabenne.

Nanang Edan  : Widodariku….kae galo sawangen ana ing mega-mega akeh arerupa manungsa sing padha kedanan banda ndonya. Kabeh padha ngiler tetes-tetes. Sing bener karo sing salah wus ra katon ketara, kabeh pada jumpalikan ngurusi wetenge dewe-dewe. Nanging aku widodariku tansah setya marang sliramu, dak rewangi pasa ngebleng, turu ngarep lawang pati geni nandang prihatin sadermo hanglakoni kepengin nyanding Sliramu. Widodariku…tak enteni sliramu nganti mubenge jagad mandeg. Nganti  pitik jago wis rapada kluruk maneh!! Widodariku…Sawangen ana ing mega-mega kae!

Cahyadi nyedaki Nanang Edan, melu ngematke apa sing lagi dimatke Nanang nang langit.

Cahyadi           : Sing tok waske ki apa ta Nang?!

Nanang Edan kaget.

Nanang Edang            : Welhadalah!

Cahyadi ya kaget, mlumpat ngadoh pasang kuda-kuda kaya petinju. Siap-siap nek Nanang arep nyerang.

Nanang            : Ana wong edan anyar saka ngendi iki?!

Cahyadi           : Wong edan anyar Matamu!!!

Nanang nudingi Cahyadi.

Nanang            : Heh, Delengen mataku Wong edan anyar! Bakal mbok delok sejatining urip sing wus rusak-rusakkan! Setyo mituhu marang urip wis ora kanngo! Marai peteng ra weruh apa-apa!

Cahyadi mandeg sing mumbul-mumbul.

Cahyadi           : Ha njuk sing kanggo ki apa?!

Nanang Edan : Embuh ora weruh!

Cahyadi kaget, mumbul-mumbul meneh.

Cahyadi           : Eitss..Jingak i!

Nanang mlaku marani Cahyadi karo nuding-nuding. Cahyadi mlaku cepet pindah nggon lan isih pasang kuda-kuda.

Nanang Edan  : Ndonya wis wuta nyenyet, peteng ndedet ngalam wis rakuwawa nanggung tingkah polahe manungsa. Kabeh padha edan! Para panguwasa gayane kaya dewa! Idu sakpenake dewe! Sing dak tresnani mung siji. Sing hamarahi jagadku padang njingglang. Nrenyeske atiku. (Nanang njoget maneh)
                           Widodariku….sawangen lintang comlorot ing satengahing atiku iki…

Cahyadi           : Wo! Wong edan Rakalap! Omong glenyengan ra ana jluntrungane!

Nanang edan   : Widodariku……

Cahyadi           : Widodarimu ki endi?! Seprana-seprene kok ming widodora-widodari!

Nanang Edan  : He! Anoman ala! Widodariku suci aja diganggu. Nek arep pingin weruh tirunen lakuku! ayo melu aku. (Nanang ngematke langit meneh) Widadariku tumuruna nang mbumi liwat dalan sepi ! sepi ing pamrih ! sepi kuasa ! Sepi ing hawa lan sepi nepsu Bethara kala!

Nanang Edan mlayu marani nubruk Cahyadi, nanging Cahyadi niba, sikile nang nduwur, siap-siap nendang. Nanang isih arep nubruk. Cahyadi nendang nang raine Nanang, nanging Nanang isa enda ngadoh. Nudingi Cahyadi sing gage-gage ngadeg.

Cahyadi           : Gayamu Nang…Nang…rupamu kaya jangan bobor!

Nanang Njoget gagah mandeng langit, ngumukake dadane.

Nanang Edan  :  Prabu Rahwana. Bethara kala. Bethari Durga nang ndi hanggonmu ndelik bakal tak oyak tak tusuk tak tojeh-tojeh! Reneo adepana aku! aku dewa duwe duit. Raduwe banda. Duweku ati lan pikiran wening. Balekna widodariku! Tarung! Ayo tarung ing satengahing jagad! Jagad sing wis amoh! menungsa padha goroh ngogroh ogroh! Duh, Widadariku…

Cahyadi           : Widadarine ki wernane apa e Nang?

Nanang Edan  : Ayo tirunen lakuku iki! Bakal tak gawa menyang atine Widadariku! ning ning nong nong ning ning gong ! (Ngematke Langit maneh) Widadariku… tumuruna nang nang ngarcapada liwat dalan sepi ! sepi ing pamrih ! sepi kuasa! Sepi ing hawa lan sepi nepsune Batara kala!

Cahyadi marani lan penasaran, ngapa Nanang ndelengke langit.

Cahyadi           : Endi ta Nang Widadarine ki?

Nanang Edan  : Ula Wedhus! Ayo nek kepingin weruh tirunen lakuku!

Cahyadi           : Tenane Nang?!

Nanang mulai njoget ngajari Cahyadi.

Nanang            : Ayo tirunen lakuku!

Cahyadi           : Sik, ta tirune. Sing njoget alon-alon Nang.

Cahyadi nirokake alon-alon.

Nanang Edan  : Yen dak    sawang ing langit biru arem kana kae, sliramu tansah ngawe-awe…

Cahyadi           : Dak cobane ayoh! Yen dak sawang ana ing langit biru arem kana kae, sliramu tansah ngawe-awe….

Sak banjure Cah loro jejogetan bareng. Cahyadi nirokake lakune Nanang Edan wis rada lanyah.

Nanang Edan  : Widadari lagi Ngangsu banyu suci kanggo ngedusi donya kang wis reget kanthi setya lan tresna

Cahyadi           : Widodari lagi Ngangsu banyu suci kanggo ngedusi donya kang wis reget kanthi setyo lan tresna.

Nanang Edan : Tresna kang lahir saka sejatining rasa, sejating aurip….

Cahyadi           : Tresna kang lahir saka sejating rasa, sejating aurip….

Nanang Edan : Ning...ning nong nong ning ningglong! (ping bola-bali)

Cahyadi           : Ning ning nong nong ning ning glong! (ping bola-bali)    

Loro-lorone njoget dadi edan kabeh! Kaya wong kangslupan demit surup-surup! Cahyadi lan Nanang njungkir njempalik, koprol, lan mumbul-mumbul. Bengak-bengok nangarep latare uwong sapenake dewe.

(NB: Anu Ca, Njogete Cahyadi lan Nanang dikoreografi neh ya…ben katon dinamis lan atraktif. Ben pemirsa pada seneng lan rada gumun.)

Nanang Edan  : Ngangsu banyu suci kanggo ngedusi donya kang wis reget kanthi setya lan tresna!

Cahyadi           : Ngangsu banyu suci kanggo ngedusi donya kang wis reget kanthi setya lan tresna!

Nanang Edan  : Ngresikki bosok ing ati! Ngedusi awake dewe! Ngumbara...awake dewe ngumbara….ngumbara ing awang-awang!

Cahyadi           : Ngresikki bosok ing ati! Ngedusi awake dewe! Ngumbara...awake dewe ngumbara….ngumbara ing awang-awang!

Nanang Edan  : Mertapa ing sajroning guwa! Guwa kang  padang…madangi mata, madangi ati, madangi samubarang ala! ning ning nong nong ning ning glong!

Cahyadi           : Mertapa ing sajroning guwa! Guwa kang  padang. madangi mata, madangi ati, madangi samubarang ala! ning ning nong nong ning ning glong!

Cahyadi njoget nganti keponthal-ponthal, nganti kekeselen kaya wong mendem omben-omben. Nggloyori. Nanang njupuk kurungan pitk e Nurdin. Pitik jagone Nurdin sing dipepe ucul. Nanang ngurungi Cahyadi. Cahyadi raisa obah nang njero kurungan. Nanang metangkring ngidak kurungan!

Nanang Edan  : Kecandak ra kowe wong ngedan anyaran!

Cahyadi ketap-ketip nang njero kurungan.

Cahyadi           : Nang…Ha endi Widodarine?

Nanang Edan  : Ssssttttt…Kae galo mbak Widorari lagi adus ro sabunan. Anduke abang kae galo!

Cahyadi           : Woh…ho oh e Nang…

Nanang Edan  : Wis edan tenan kowe ya Le!!

Nurdin metu saka ngomahe gawa ember isi banyu arep ngentas pitik jago sing di pepe ing latar. Nanang mlayu jrantal Cahyadi gedabikan nang njero kandhang.

Nurdin             : (Kaget banget!) We…lhadalah! Wong do edan kabeh! Hayo! isa metu ora?!!! Nek ragelem metu tak grujug banyu.
                           Pitek arep dibanyoni malah dadi kirik!

Cahyadi diopyak-opyak Nurdin kon metu saka kandang pitik. Cahyadi metu mlaku ngliwati Nurdin ro nggrundelan.

                           Kowe ki piye to Cah? Cangkeme Nanang we diladeni!

Cahyadi           : Ha ya ra waton nek nyangkem Din. Njuk ngoneke kirik barang. Pitek elek we dingu!

Nurdin             : (Njenggung ndase Cahyadi) Pethuk!

Cahyadi           : Woo..Jingan ni! Ngejak senggel ro aku po Din?

Cahyadi mbalik, njoroke dadane Nurdin terus mumbul-mumbul pasang kuda-kuda kaya gayane petinju legendaries Moamat ali. Nurdin siap-siap nangkis serangane Cahyadi.

Cahyadi           : Ciaatt….!

Cahyadi Nendang walik Nurdin, nanging luput.

Nurdin             : Woo…Wani tenan! Haiit…Tampanana….!!

Cahyadi nyembah-nyembah lan mlayu ngintar merga wedi marang Nurdin sing ngetokake ajian andalane (Epek-epek tangan tengene diangkat duwur arep nggo ngampleng Cahyadi). Nurdin nututi playune Cahyadi nanging ora kecekel, merga ngepit banter.

Srengenge wis krasa panas nang mbun-mbunan. Nurdin mberesi kurungan pitike di leboke omah, Nursoleh liwat arep luhuran, Siti liwat dingkongkon mbokne tuku tempe garit sejinah. Jumiran Alap-Alap mlaku ngombe Es The plastikan turut dalan ro ngrokok klempas-klempus. (Adegan iki gunane kanggo nyambung adegan liyane. Aja lali, dikoreograpi ya Ca…)


ADEGAN semlempit: Cempluk monolog lan ngudang bayine

Awan-awan Cempluk ngisis ana teras omahe. Cempluk nggendong anake sing lagi limang sasi nganggo jarik lurik, Cempluk dasteran werna biru. Daster sing ra tau ganti. Saka Njero Omah krungu siaran ketoprak RRI lirih-lirih.

Cempluk          : Cups…cups…cuppsss….. Oalah Nduk nduk kapan marimu? Mencret kok terus-terusan. Wis turu wae sing angler. Sibu mesti ndongakke kowe ben cepet mari waras-wiris bisa ngguyu lan cepet mlaku. Ealah Nduk genduk. Tujune kowe ki tiru Sibu dadi rupamu ki rada manis, coba tiru bapakmu mesti elik tur wagu lha wong rupane bapakmuki stok lawas! Nanging Sibu tetep seneng Nduk ro bapakmu. Wahjan, Sibu ki sedih tenan je nduk nek kelingan Bapakmu ki. Wong lanang sing setyo tenan marang Sibu lan kowe. Wong lanang sing tanggung jawab. Tur ya kuwi nek diandani mesti ngeyel. Karepku ki nek ra ndidit mbok ya uwis rasah ngangsa. Waton obah nyambut gawe apa anane, terus nyelengi mbaka sithik. E… malah reka-reka ngrampok Bank barang. Ha ya wis, di dor mas Polisi! Terus....wah wis wae ya nduk Sibu marai nangis.

                           Nduk nek kowe waras ora lelaranen. Sibu isa menyang pasar neh, nyambut gawe nggolekke duit nggo nyekolahke kowe ben pinter, bisa dadi uwong lan migunani tumrap liyan. Aja kaya Sibu lan Bapakmu apa meneh Mbahmu! Walah….nek mbahmu wedok ki jan...nek crita marai geli-geli piye.... Jare dek mbahmu isih cilik mbiyen wis dionekke cah mbeling, rada gedhe sithik wis dionekke prawan nakal, mbasan wis gedhe dionekke Lonthe, undhak-undhakane mbasan wis tuwa kok mung dadi demenane bakul beras pasar. Jyan…aja ditiru ya nduk…
                          
                           Wis turu ndisik ya nduk Sibu tak umbah-umbah. (arep menyat) Walah wis turu we kok ya isa-isane mencret!

 Cempluk gage mlayu mlebu ngomah, nyawiki anakke.


Adegan Kenangane Samsinah

Jumiran Alap-Alap nganggo kacamata riben, Kaosan kuning ketok kelekke, katokan cendak werna abang, gelangan akeh, lan sepatonan ket. Deweke lagi ngrokok santai nang ngarep cakruk, cedhak omahe Yu Samsinah. Dumadakan Nanang muncul nggetak Jumiran seka mburi ro nylotho ndase, Jumiran nganti ketuyung-tuyung. Jumiran geragapan kami gilanen. Njerit-njerit wedi dioyak-oyak Nanang.

Nanang Edan  : lho…! Widodariku…arep nangendi sliramu…?

Jumiran            : AAA……Go! Go!

Jumiran Nggusah Nanang, nanging Nanang tetep ngoyak. Jumiran kepleset terus dilompati Nanang.

Jumiran            : Oh Shiit! Go! Go!

Jumiran Ngadeg meneh mentelengi Nanang Edan.

Jumiran            : Yuar kresi Men! Pliss Lets mi eloun…!

Nanang Edan : Ora urusan!

Nanang tetep ngoyak Jumiran. Saking Gilane Jumiran Ndodok karo njerit santer banget. Nanang nglumpati Jumiran maneh. Jumiran ngadeg.

Jumiran            : AAAA….!!! Fak Yu Men…!

Jumiran ngacungi driji tengah, banjur kuwi Jumiran  mlayu njrantal ora ngerti dununge.

Nanang Edan :  Woo…Widodari Ireng!

Nanang Njoget-njoget dewe maneh lan ngomyang sakarepe dewe.

                           Widodariku…..ing wayah sore iki dak suwun sliramu lungguh ana ing mega-mega sawangaen jagade manungsa kang sedela maneh rame! Merga Chandik ala, demit, setan peri perayangan padha metu nlusup ana awake para manungsa. Bakal Okeh ontran-ontran ing wayah wengi mengko! Sawangen! Akeh Wong-wong wus katutup mata lan atine ngoyak kepenakke raga. Widodariku….pasuryamu ayu padhang kaya cahyane mbulan! Padhangana wengiku nganggo pasuryamu, padangana atiku, padhangana wewayangan klawu ana satengahing urip! Wewayangan klawu kang nyetani manungsa. Wewangan klawune manungsa kang angel dikalahake… Widodariku….

Yu Samsinah teka. Kaget mergane weruh Nanang sing lagi njoget-joget dewe.

Yu Samsinah   : Den…! Den Nanang!

Yu Samsinah nyedaki Nanang.

Nanang Edan  : Ana apa mbok?

Yu Samsinah   : Wah jan kulo padosi kit enjang wau je. Simbok niku rak kangen to Den kaleh njenengan.

Nanang ngadohi Yu Samsinah lan mandeng matane.

Nanang Edan  : Mbok Sam sing tak tresnani nganti salawasing uripku, wis ta rasah nggagas aku. Aku ki wis dadi wong lanang sampurna arep ngondar-andir bawana! Muliha kana urusen awakmu lan anak-anakmu!

Yu Samsinah   : We hanggih mboten saged no Den. Lha kula niki sampun janji kalian suwargi tiang sepuh njenengan je. Kulo niku jaman sementen  dititipi amanah kalian Suwargi Sibu ken tumut njagi njenengan Den…

Nanang ngunjal ambegan, marani Yu Samsinah lan ngepuk-puk pundake Yu Samsinah.

Nanang Edan  : Wis ta Mbok…setya marang urip kuwi luwih penting tinimbang setya marang ndoromu mbiyen sing wis ora ana.

Yu Sam           : Wah teneh kulo saged kuwalat mangke! Lha wong Suwargi Bapak niku sampun nganggep kula sederek piyambak, terus kula tumut keluargi njenengan niku nggih pun kawit prawan. Nanging piwales kula dereng wonten Den…

Nanang Edan  : Kasetyanmu marang urip lan nggedekke anak-anakmu luwih becik tinimbang awakmu mikir piwalesmu marang wong tuwaku mbok…

Yu Samsinah   : Walah, Den Nanang niku lho…kok senengane ngajari wong tuwa. Niki wonten oleh-oleh saking pasar monggo dipun cicipi rumiyin ben mengke bengi mboten klisikkan.

Nanang mung meneng wae. Nanang bingung weruh Yu Samsinah sing isih krasa kepotangan budi.

Siti                   : Mbok.Simbok! Mbokkk!!!  

Nanang Kaget weruh Siti sing ngerti-ngerti mara nekani mbokne, Nanang mlayu njranthal.

Yu Samsinah   :  Lho! Nduk! Kowe ki piye ta? Kon nunggoni adhine kok malah playon!

Siti                   : Konang kumat! Konang kejang-kejang mbok!

Kaget terus cincing jarik.

Yu Samsinah   : Welha! Kowe ki piye ta?! Rak ya di kompres!

Siti                   : Es e ki entek. Wis mbanyu kabeh je Mbok!

Yu Samsinah   : Wah jan! Wis pitung ndina kok ra mari-mari ta ya?!

Yu Sam mlaku arep mlebu ngomah. Siti usul saran.

Siti                   : Digawa nang ndokteran wae Mbok!

Yu Samsinah noleh rada jengkel.

Yu Samsinah   : Duite Mbahne po!

Siti lan Yu Samsinah mlebu omah.

Kahanan katon sepi let sedela Jumiran Alap-Alap metu maneh, kaya wong madik-madik.. Jumiran ngrokok, dolanan kebul, lakune tansah kemaki. Kala-kala mandeg kukur-kukur bokong. Kala kala kukur-kukur lakange. Sabanjure Jumiran ngleter lunga dewe.

Wayah wis mbengi.
Ora let suwe Yu Samsinah metu gawa kumbahan garing sak ember dawa. Nang ngarepan omah Yu Samsinah deleg-deleg ngrasakkake kahanane Konang, sinambi nglempiti kumbahan. Banjur kuwi Siti metu saka omah nututi mbokne. Siti ngadeg ana jejere mbokne, kaya pingin omong naging gojag gajeg. Siti nyoba wani omong.

Siti                   : Mbok…mbok Simbok…

Yu Samsinah   : Ngapa ta ya Mbak mbok ki!

Siti                   : Aku entuk takon ra?

Yu Samsinah   : Arep takon apa?

Siti                   : Nganu….Simbok ki nek ngundang Nanang kok nganggo Den barang ki ngapa ta mbok? Nanang ki rak wong edan ta? Aja-aja simbok ki…

Yu Samsinah   : Hush! cah ngawur! Kowe mung arep ngonekke Mbokmu ya edan ta?!

Siti                   : Ha jeneh tak undang-undang kok ra krungu. Malah ngobrol karo Nanang Edan!

Yu Samsinah   : Oalahhhh…..nduk…nduk…. dadi kowe ki seprana-seprene dadi anakku ki  durung ngerti ta? Kene nyedak.

Siti banjur lungguh njejeri mbokne.

                           Dirungokake ya nduk ya…Tak andani larah-larahe. Tak critani ya Nduk. Ngene,  jaman semana mbokmu ki melu nggone Suwargi Pak Lukito Bapakne Nanang. Nanang ki turunane wong Sugih lho nduk!

Siti                   : Kok isa edan Mbok?!

Yu Samsinah   : Kosik ta… di rungokake disik, simbok ki durung rampung sing crita….(ngunjal ambegan) Lha pak Lukita kuwi rak kamase Kajine Amat Sugeh kae.

Siti                   : Wo….dadi…Kajine amat ki…..

Yu Sam           : Kosik to nduk…..mbiyen jaman semana ki Den Nanang isih cilik. lha Pak Lukito ki rak juragan Beras sing kondang sugih tur ora adigang adigung, malah lemahhe di wakafke dinggo mbangun sekolahan lan Mejid, semana uga Bu Lukito, priyayine manis tur luwes, grapyak gelem sapa aruh karo liyan. Atase wong wadon tur sekolahe duwur.  Nyambut gawene usaha bakulan batik lan dadi guru pegawai negri nang kutho, tur embuh merga apa malah njaluk pensiun mangka umure ya isih nom rong nganti seket taun. Malah mbukak sekolahan neng ndesa kene lan mulang warga desa sing gelem sinau. Tanpa di bayar lho nduk. Simbok ki isa maca nulis ya merga Ibune Den Nanang. Wong-wong wadon desa kene ki isa maca nulis, numpak pit, mula bukane ya sing ngajari Ibune Den Nanang. Apa meneh diwarai carane nggawe usaha nggolek duit dewe ben isa mandiri ora gumantung karo bojone. Amrih wong wadon nang ndesa ki ngertine mung kawin, duwe anak, masak lan umbah-umbah. Simbok ki isa bakulan nggolek duwit nggedhekke kowe lan Konang ya merga ilmune Ibune Den Nanang.

Siti                   : Lha Bapak ki piye ta mbok, kok malah sing nggolek duit simbok?

Yu Samsinah   : As Mbuh nduk! Wis limang taun kepungkur. Kowe rak ya ngerti dewe ta nduk. Gaweane mung main gaple, malah demenan karo randane Mulani barang. Terus tak kon minggat wae! Ben kawin ro randane Mulani sing isa nuruti kekarepane!

Siti                   : Ha simbok mbiyen kok isa seneng ta?

Yu Samsinah   : Wah piye ya nduk….? Bapakmu mbiyen ki ra kaya ngana kae je. Karang ya godan!

Siti                   : Piye ta Mbok?

Yu Samsinah   : Mbokmu ki Mbiyen Tresna! Cinta je Nduk! Terus lair kowe kuwi, njut Konang. Wis apik-apik usaha bareng bakulan neng pasar, malah mulai doyan main barang. Lha njur demenan karo Randane Mulani Potang kae! Terus mbuh saiki piye khabare? Lha bapakmu ki lanangan ra uwe ketrampilan je nduk.

Siti                   : Terus ceritane Nanang mau piye Mbok?

Yu Samsinah   : Husy! Den Na..nang! Kowe ki ra sembrono lho nduk! Awake dewe ki duwe utang gede karo Den Nanang.

Siti                   : Yoh.  Den Nanang! Terus Piye Mbok?

Yu Samsinah   : Kowe ki tak critani ya nduk ya, ben ngerti sujarah saktemene. Sujarah kuwi penting disinau merga wong ben isa ngerti lan kelingan apa wae sing dilakoni jaman mbiyen. Dadi ra mung waton cerita! Terus isa dingerteni elek lan apik’e manungsa. Ora mung sing di ketokke ki sing apik-apik terus! Critane tekan endi nduk?

Siti                   : Tekan...ngapa Den Nanang ditinggal Wong tuwane?

Yu Samsinah   : Nha... wektu kuwi Suwargi Pak Lukito lan Bu Lukito ki lagi nglaksanak’ake ibadah haji. Terus krungu khabar nek Suwargi pak Lukito lan Bu Lukito ki ngalami kecelakaan nang terowongan Mina. Wektu kuwi Den Nanang isih cilik kira-kira ya sak Konang kae. Durung ngerti apa-apa. Dadi sing ngurusi apa-apane ya Adhine pak Lukito. Ya Kajine Amat Sugeh kae!

Siti                   : Terus Nanang piye Mbok?

Yu Samsinah   : Lha saplok ditinggal wong tuwane. Den Nanang diopeni Kajine Amat Sugeh.

Siti                   : Lho Nanang ki rak duwe warisan akeh ta mbok?

Yu Samsinah   : Lha ya kuwi sing marai Simbok bingung tekan seprene. Mbiyen ki sak durunge Suwargi Pak Lukito lan Bu Lukito ki menyang Munggah Kaji. Aku diwelingi, saksuwene Pak lan Bu Lukito tindak haji sing kon nglakokke usahane aku. Merga Kajine Amat Sugeh kae ki wus kebagian cabange. Wektu kuwi Kajine Amat Sugeh nyekseni Lho nduk.
                           Terus nek ana kedadeyan apa-apa Den Nanang ki kon ngrawat aku nganti gedhe. Terus aku kon ngajari Den Nanang carane nglakoke usaha ben Den Nanang isa nangani dewe.

Siti                   : Lha sing kon nangani kok malah kowe ta mbok?

Yu Samsinah   : Aku dewe ya ra ngerti je nduk! Tur aku krasa nek Kajine Amat sugeh ki serik ro aku.

Siti                   : Terus Nanang piye Mbok?

Yu Samsinah   :  Nha...bar ditinggal wong tuwane, Den Nanang ki dikekke Luar kota, alasane disekolahke Nang Pondok pesantren! Terus pembukuan usaha sing dicekel  Simbok ki dijaluk Kajine Amat alasane arep di cek, tur tekan saiki ra dibalekke. Mbiyen Simbok isih sok niliki Den Nanang nduk. Nganti tekan Den Nanang SMA. Tur bar kuwi simbok kelangan Khabar.

Siti                   : Oooooo........Terus ngerti-ngerti muncul dadi kaya ngana kae ya mbok? Dadine Kajine Amat Sugeh kae ki...

Saka jero omah, Konang nglilir lan nangis kekejer. Yu Samsinah lan Sumi gage mlebu ngomah.

Jumiran Alap-alap muncul maneh, madik-madik namatke kiwa tengen banjur njupuk kumbahane Yu Samsinah. Nanging Sial, Jumiran konangan sing maling banjur di oyak-oyak wong akeh. (Adegan ngoyak-oyak iki bisa disimbolke wae, nanging ditata kanthi sae. Umpamane: ana 5 apa 6 pemain mlebu panggung, saben pemain mlebu nyekel gaman terus matung , gawe gesture wong lagi siap-siap nggebuk. Banjur kuwi Jumiran mlayu gerak slomotion krudungan ember dawa, mandeg ana tengah-tengah pemain sing lagi matung. Sak wise Jumiran matung kabeh mlumpat bareng, kabeh nggebuk Jumiran karo mbengok santer.

LAMPUNE PANGGUNG MATI, MAK PET.

BABAGAN ANYAR.

Adegan Cahyadi lan Pitik Kinasihe

Wayah Awan
Cahyadi ngentas pitikke sing bar dipepe karo nembang:
Bapak pucung ora duwe balung
Bisa ngacung. Sabane nang njero sarung
Ingen-ingennane tiyang kakung.
Lebar kuwi Cahyadi omong-omongan karo pitik’e, merga saking tresnane.

Cahyadi                     : Yusu...p sing ceceker sesuk meneh ya...Wis bobok-bobok nang kandang ndisik. Nek weruh babon rasah dikawini, mengko ndak marai lemes, ben nek tarung karo nggone Setra po Nurdin isa menang.

Kajine amat Sugeh teka arep Liwat

K. Amat Sugeh            : Assalamualaikum.
Cahyadi                     : Wangalaikum salam! (sing omong ndarani Yusup Piitik'e. Cahyadi Sajak gumun)  Iho Sup? Yusup!  Kangslupan pa ya?
K. Amat Sugeh            : (Nuthuk nganggo teken) Assalamualaikum!
Cahyadi                      : 0... Wangalaikumsalam, Pak Kaji ta...? Wahjan...nuwun sewu sanget pak Kaji nyuwun pangapunten! Kula kinten Yusup?!
K. Amat Sugeh            :  Astagfirrulloh haladzim. Cahyadi...Cahyadi... mertobato Cah! Apa arep tok terus-teruske anggonmu maksiat kuwi? Dosamu wis akeh Cah. Mertobat! Mandeg sing judi.
Cahyadi                     : lnjih Pak Kaji...
K. Amat Sugeh            : Ra mung omong tok, gek ndang dilakoni!
Cahyadi                     : Njih pak Kaji
K. Amat Sugeh            : Tumindakmu kuwi wis kena diarani kapir!
Cahyadi                     : Injih Pak Kaji…Pun kapir tur kapiran sisan nggih?!
K Amat Sugeh             : Geneya ngrumangsani! Mulane, ngibadaha! nyenyuwun marang Gustialah ben diparingi gawean sing galal! Ora kaya ngono kuwi!
Cahyadi                     : Injih Pak Kaji...
K. Arnat Sugeh            : Wis rasah injah-injih! Gek ndang Sholat luhur! Yo bareng aku!
Cahyadi                     : Pun mboten sah, mengke kula nyusul ke mawon.
K. Amat Sugeh            : Tenan Lho, tak enteni nang mejid. Nek ra menyang awas Iho Cah!
Cahyadi                     : Inggih Teninnnn...       ...Sak estu!
K. Amat Sugeh           : Yo wis. Assslamu'alaikum!
Cahyadi                     : Wangalaikumusalam...
Cahyadi                    : Wahjan Kajine Amat ki kok ya ra jeleh-jeleh ya ngandani aku terns? Pa cangkeme ra
ledesh?!
Kajine Amat krungu digrundeli Cahyadi, sing lagi wae mlaku nem langkah.
Kajine Amat                : Ngrasani…!!!
Cahyadi kaget banget weruh Kajine Amat bali maneh…
Cahyadi                     : Waduh…mboten og Pak Kaji..saestu..nyuwun ngapunten….
Kajine Amat                : (Sisan lunga) Nek ngrasani meneh, Tak Sholatke!
Cahyadi                     : Duh…nuwun sewu Pak kaji…nuwun sewu…
Cahyadi deleg-deleg dewe ndelengke pitike.
                                    Jyan…aku ki tenane ya wis isin tenan Sup..ro Kajine Amat ki. Ha tur ya piye ya Sup…Ah, tak ngibadah ah, ben donyane rada padang! Eee...mbaka sihthik. Bar adus tak tinggal ngibadah disik ya Sup? Tak dandan stil nganggo baju koko, pecisan, sarungan resik. Arep sembayang khusuk, Ngibadah tenanan, trus tak ndonga ben kowe sesuk nek tarung menang!
Nursoleh liwat nggawa proposal.
Nursoleh                    : Assalamualaikum
Cahyadi                     : Wangalaikumsalam. Eh, Nur Soleh ta? Seka ndi Nur? Mandeg dimik.
Nur Soleh  : Iki dikon Kajine Amat ngubengke proposal nggo ngapikke Mejid.
Cahyadi                     : Wooo! Lha iya! Dilit khas aku ki ya arep sregep shalat neng mejid je! Rak ya aku melu bangga to nek mejide apik, resik?! Marai sing shalat khusyuk!
Nur Soleh   : Lha iya. Sing adu Jago leren. Ya sik ya Cah tak luhuran disik! Assalamualaikum.
Cahyadi                     : Wangalaikum salam...Jenengku suk Cahyadi Soleh lho Nur…Jyann…mbayangke dadi cah apik lan soleh ki cen nyenengke tenan kok…Aman donya akhirat.
Cempluk Liwat nggawa empring dawa sak lonjor. Cahyadi kaget.
Cahyadi                     : Lho! Seka ndi pluk?
Cempluk mbalik noleh, buntute empring arep mbabit ndase Cahyadi, nanging cepet-cepet enda.
Cempluk                    : Seka tuku empring nggo nyangga omah arep ambruk je Cah.
Cahyadi                     : Woo... Lha iya dilit khas aku ki arep dolan nangomahmu arep tilik bayimu sisan nyumbang je. Ben ra kembrukan tur ya marai sing dolan betah! Ora, anakmu isih rong sasi to pluk?
Cempluk                    : Limang sasi!
Cahyadi                     : Wo…ho oh ta? Ha kowe ki kok aneh to Pluk? Biyen pas duwe bojo ora manak, saiki mbasan ra duwe bojo malah manak?
Cempluk                    : Mbuh Cah ra caturan! Sik ya Cah!
Cahyadi                     : Yo.....a...
Cempluk mbalik maneh arep muleh, buntute empring arep Mbabit ndase Cahyadi maneh, nanging Cahyadi cepet-cepet enda.
Cahyadi                     : Wuohh..hajiguri! Ganas!
Cahyadi leyeh-leyeh karo nyumet rokok klempas-klempus. Kala-kala glenyengan dewe.
Cahyadi           : Ealah…urip nek ngeni ki penak buangeti. Wis Sup, nek kowe pendak minggu menang nang kalangan. Bakalan ko peagae pemrentahan nan uripku…jyan….

Ora let suwe Yu Samsinah liwat, mampir sedela merga weruh Cahyadi.

Yu Samsinah   : Piye Cah Pitekmu menang?!

Cahyadi           : E alah…Diajeng Samsinah ta? Kundur Jeng?

Yu Samsinah   : Wis…wis rasah cangkeman. Sing Cangkeman suk meneh. Aku ki mung arep takon: menang apa kalah?

Cahyadi           : Wah suarane kok Atos jeng?!  kados akik dicor semen! (Cahyadi rada mangkel) Nek le menang ki jelas menang Yu. pitekku je. Kampiun! Number one! Tak boking pa yu? Apa kencan nang restoran?

Yu Samsinah   : We-gah! Kowe kuwi Cah, ra isin ro pitikmu po? Kudune sing obah nyambut gawe ki rak kowe ta?  Malah sing nyambut gawe pitekmu. Lagi ndidit sitik we ndangak! arep mboking aku barang.

Cahyadi           :  Ha…nganu je yu….ha nganu e…..kahanan.

Yu Samsinah   : Aku ki yo kahanan Cah! Tur rak ya kudhu nganggo kringet to?

Cahyadi           : Lha ra ana liyane je njuk piye?

Yu Samsinah   : Wooo….lha wong radong! (Njenggung sirahe Cahyadi karo lunga)

Cahyadi           : Wah jan nek galak ngono kuwi tambah ayu lho Jeng?!

Yu Samsinah   : Ora caturan Cah!

Cahyadi           : Woh…Gedebang..gedebang…(ngece bokonge Samsinah sing sak tampah) Arep nangendi e Yu?

Yu Samsinah   : Tuku Bodreksin!

Cahyadi nggrundelan dewe, nggrundeli Yu Samsinah sing asline marai gumun Cahyadi.

Cahyadi           : Wong wedok nek ngece mak thes! ngluwihi cramahe Kajine amat sugih! Pancen Samsinah ki tak akoni, Wong wedok sing elok, Pikirane lantip! Kae ki nak nang jerman jenenge Agela Markel. Isa dadi kanselir! Tur sayange siji uripe neng Indonesia dadi ra kopen! Dadine ya ming wong mumet. Anu, korban kurikulum.Hahaha…

Lagi penak-penake nerusake sing leyeh-leyeh. Mak bedunduk Lestari njedul liwat ngarep omahe Cahyadi. Lestari arep menyang kuliah. Cahyadi Gageh ngundang Lestari, mlayu gondeli tangane.

Cahyadi           : Les…Lestari…Kosik ta….sik ta…

Leatsari           :Wahjyan…ngapa ta Cah…Nggilani…

Cahyadi           : Kosik ta…

Lestari             : Ngapa?!
Cahyadi           : Anu…anu…aku ki arep ngomong…

Lestari             : Omong apa?

Cahyadi           : Anu…anu…

Lestari             : Ngapa ta?! Gek cepet! kene ki selak ana perlu je! Sida ora?

Cahyadi           : Ho oh Les, Sida. Anu Les…anu…

Lestari             : Ona anu..ona anu ngapa?

Cahyadi           : Anu…Aku MENCINTAIMU Lestari…

Lestari             : Halah…wis ta bedek! Awake dewe ki ra Level Cah...

Lestari ora nggagas pernyataan cintane Cahyadi. Lunga ngleter sa penakke dewe.

Cahyadi                     : Wohh…Ra lepel og piye… (banjur sambat ro pitik’e) Tenan to Sup…ditolak to…aku yo wis ngerti og tenane…jigurr…!!! Kesusu og. Kudune wong menyatakan ki nganngo soklat ro setangkai bunga og. Ha aku ming nyekel rokok sak lencer je…nang ndalan meneh…ra sopan Sup…duh…piye yo Sup…Aku k iwis arep sumangat je Uripe. Arep mertobat tenan. Malah drop ko ngene ki gek kepiye…? hmmm…(Cahyadi lungguh deleg-deleg dewe, omong-omongan ro pitike) nek ra ana sing ta senengi piye Sup? Anu wae pa…ro kowe wae pa Sup? Yo..Sup…Yo! wis apa anane wae. Rapapa waton anget….

Adegan Nurdin + Siti = Cinta

Ana ing pinggir kali Siti kansenan karo Nurdin. Siti njedul nganggo seragam pramuka, nunggu Nurdin. Kala-kala ndeleng fotone Nurdin terus ditempleke dadane. Siti katon gelisah…

Diiringi lagune Obie Mesach: ….Malu-aku malu pada semut merah, yang berbaris di diding menatapku curiga. Seakan penuh tanya sedang apa di sini. Menanti pacar, jawabku….

Siti kala-kala ndelengake  kiwa tengen selak kepingin weruh Nurdin. Siti mlayu ngulon amarga kaya-kaya weruh Nurdin kadi kadohan. Nanging Nurdin muncul saka wetan.

Resah dan gelisah menunggu di sini di sudut sekolah tempat yang kau janjikan ingin jumpa denganmu walau mencuri waktu. Berdusta pada guru…

Nurdin kala-kala niliki jam tangane. Mlaku ngalor ngidul, lan lungguh ngalamun ro uthik-uthik upil.

Lagune mandeg.
Mbah Temu (Capingan, katokan kolor, sepatu apa anane, klambine dibledehake) metu karo nggawa pancing menyang nang kali. Mbah Temu nyanyi         :

Lihatlah alam sekitarmu
Penuh arti mengandung teladan
Habis malam terbit hari baru
Setiap fajar mengganti Harapan.

Mbah temu lungguh mancing. Nurdin kawit mau ndelengke mbah Temu, khawatir nek ngganggu yang-yangane ro Siti.

Nurdin             : Mbah!

Mbah Temu     : Yoi….!

Nurdin             : Kowe ki arep nangendi?

Mbah Temu     : Arep mincing.

Nurdin             : Ora oleh!

Mbah Temu     : Kaline mbahmu po?

Nurdin             : Woo…! Karo cah enom wani! Yo wis entuk mincing, tur nang kana sing adoh! Kene ki arep tak nggo yang-yangan ro Siti.

Mbah Temu     : Walah…reka-reka Le…ko nek putus njuk ra niat urip… trus mabuk-mabukan ro nulis puisi…!

Nurdin             : Woh..Kok ngerti mbah!

Mbah Temu     :  Yo turah ngerti. Cah-cah saiki ki ruang private lemah tur kemaki!

Nurdin             : Sok tau!

Mbah Temu     : Kae galo Siti…kae…(Nuding ngawur)

Nurdin             : Ndi mbah..? ndi…

Mbah Temu     : Kae galo….

Nurdin ngemat-matke nanging ora ngerti.

Mbah Temu     : Kae!

Mbah Temu nylotho ndase Nurdin banjur cepet-cepet lunga. Nurdin ketuyung-tuyung arep kejlungup kali.

Nurdin             : Hajiguri! Wong tua kurangajar. Senenge ngisruh!

Nurdin wira-wiri katon gelisah dilit-dilit ndelok jam tangane. Kala-kala ngundang jenenge Siti.

Nurdin             : Sit..Siti…! Sit. Siti..jyan…kok suwi banget ki ngapa ta ya…? (Nurdin ngematke kadohan) Kae pa ya bocahe….Sit..! Siti…! Sit…!

Siti                   : Mas Nur…!

Nurdin             : Tenan to.Cepet Sit..rene!

Siti                   : Ya sik, tak mlayu Mas!

Cahyadi metukake Siti kanthi bungah. Cahyadi mlayu santer ngubengi Siti merga saking gemese. Saking kangene.saking senenge.

Siti                   : Mas! Mas Nur ki ngapa ta ya…(njoroke Nurdin)

Nurdin             : Aku ki seneng je Sit. Bungah weruh kowe.

Siti                   : Halah Mas Nur ki senengane aneh.

Nurdin             : Aneh piye ta? Iki jenenge cinta Sit. Power op lop. Jaman saiki wis arang wong ngrasake kaya ngene ki? Anane mung kepentingan!

Siti                   : Hmm…ho oh pa mas?

Nurdin             : Wu…Cah cilik ngeyelan. (Nyenggol irungi Siti nganggo drijine, Siti ndungkluk ro mesem)

Siti banjur lunggguh ana watu, disusul Nurdin. Cah loro lungguh jejeran, ndelengke banyu kali. Pada meneng anteng ro kala-kala ngunjal ambegan. Nurdin mulai ngomong.

Nurdin             : Sit, kowe kok meneng wae ki lara untu pa?

Siti                   : Ora kok Mas.

Nurdin             : Ha ngapa?

Siti                   : Ora papa.

Nurdin             : Aku sedih lho Sit nek kowe kaya ngono kuwi. Mikir aku pa?

Siti                   :  Kok ngerti mas? Aku ki khawatir je

Nurdin             : Sing mbok khawatirke ki apa? Aku ki rak wis omong ta nek tresna tenan karo kowe, Dinda Siti?

Siti                   : Tenan ta Mas awake dewe ki bakal urip bebrayan nganti sak lawase urip.

Nurdin             : Apa kowe ra percaya Sit? (Nurdin ngadeg, ndelengke Siti.) Bukaken dadaku, tilekana atiku. Anane mung Siti Siti lan Siti...!

Siti Klecam-klecem, terus ngadeg nyekel tangane Nurdin, diangkat dicedake dada.

Siti                   : Semono uga aku Mas.

Nurdin             : Sit kowe ki manis lho Sit....kene tak jiwit pipine.

Nurdin Njiwit cilik pipi kiwane Siti.

Siti                   : Wah Mas Nur ki lho....

Nurdin             : Sit, aku tak takon ya, saktemene wong lanang sing mbok senengi ki sing kepiye ta?

Siti                   :  Ya…sing piye ya Mas…hmmm…Ada deh...

Nurdin             : Aku Serius lho Sit

Nurdin rada nesu. Sajak sebel,Nurdin lungguh maneh, disusul Siti, cah loro meneng-menengan lan ingkur-ngkuran. Nurdin ndungkluk ro nggambar-nggambar nang lemah. Siti sangga owing. Banjur kuwi mbah Temu teka maneh. mancing nang nggon mau.

Mbah Temu     : Lagi da manuk-manukan pa?

Nurdin muntab weruh mbah Temu teka maneh, deweke menyat arep ngusir mbah Temu.

Nurdin             : Wo…ngisruh…!

Siti nggondeli Nurdin, khawatir Nurdin nesu tenanan. Mbah Temu santai tetep mancing.

Siti                   : Mas..uwis ta Mas…Mbah Temu ki radong.

Nurdin             : Marai Emosi!

Siti                   : Mas…Mas Nurdin…

Nurdin             : Apa?! (isih rada emosi)

Nurdin wis ora nggagas mbah Temu. Nurdin ngrungokake omongane Siti ro sedakep sajak kemaki kaya gagah-gagaha dewe sak Indonesia.

Siti                   : Mas…Tak kandani ta…Anu Mas, saktenane wong lanang sing ta senengi ki…ya sing piye ya mas...anu, pokokmen sing tanggung jawab, terus kuru, rambute ngombak...

Nurdin nyedak ndelengke matane Siti.

Nurdin             : Lho?! Kuwi aku ta Sit? Terus...

Siti                   : Pinter nggambar, manis lan nggemeske...

Nurdin             : Kuwi ya aku ta Sit? Terus...

Siti                   : Ya pokokmen matane kaya mas Nur, irunge kaya mas Nur, kupinge kaya Mas Nur...terus suarane ya kaya Mas Nur

Nurdin             : Walah...nek kabeh kaya aku  ngapa kok ra ku sisan ta Sit?

Siti                   : Aku ki piye ya mas....

Nurdin             : Ihh...gemes aku....! tak ciprati lho kowe.

Nurdin mlayu nang pinggir kali, nyawuk banyu nyiprati Siti.

Siti                   : Wah jan Mas Nur ki lho...marai klambiku teles. tak bales ah...

Nurdin karo Siti Ciprat cipratan seneng banget. Cah loro ora nggagas mbah Temu.
Mbah Temu kaget rada mangel. Deweke ngadeg ro muni-muni.

Mbah Temu     :  Welha! He! banyune ki ra di obok-obok! Marai iwak’e do mlayu!

Nurdin             : Ora krungu!

Dumadakan krungu suarane Yu Samsinah ngundang Siti.

Yu Samsinah   : Sit....siti.....!

Siti                   : Wah aku goleki Simbok je mas. Sik ya!

Yu Samsinah   : Sit...siti...!

Siti                   : Sik dilit Mbok

Siti Mlayu, Nurdin menyat nututi playune Siti. Mbah Temu lungguh mancing maneh.

Nurdin             : Wah…Sit…durung rampunge malah mlayu. Mengko meneh ya Sit!

Nurdin mesam-mesem ro gedek-gedek. Atine bungah. Nanging pas noleh weruh mbah Temu, deweke dadi mangkel maneh.

Nurdin             : Hi iki! Sing marai ngaco ya iki!

Nurdin Golek Watu gede banget.

Nurdin             : Mbah ana iwak nglomba gede banget ki!

Byuurr….ngoncali watu gede pas kambangane mbah Temu sing ketok kemambang.

Mbah Temu     : Wo...Munyuk’i!

Mbah Temu menyat ngoyak Nurdin arep disabet walesan. Nurdin mlayu njrantal. Mbah Temu ngoyak Nurdin.

LAMPU MATI MAK PET MANEH.


Adegan Paseduluran: Nanang lan Kajine Amat Sugih

Nang tengah dalan Nanang ngadeg nggejejer hormat kaya patung Jendral Sudirman. Nurdin mlayu dioyak mbah Temu liwat ngarepe Nanang.  Banjur kuwi Nanang mulai ndleming, tangene nuding-nuding.

Nanang Edan              : Nang kana ana Demit, nang kana ana Buto Ijo, nang kana ana panguwasa sing lagak lakune kaya Iblis! Nang kene ana pawongan bagus lagi njoget! Widodariku..... Kari betah-betahan ngenteni wektu! Sapa sing salah bakal seleh! Widodariku......

Nanang mulai njoget. Kajine amat sugeh teka ketok Kaget banget!


Kajine Amat Sugeh     : Astaqfirullohaladzim....

Nanang nudingi rupane Kajine Amat Sugeh.

Nanang Edan              : Wus kena tak pesthekke nak urip iku bakale tiba titiwancine ketemu karo sing digolekki! Wis menenga wae, ngadeko nang satengahing jagad sing wis reged! Pandenga mataku! Rasah gigrik nang ngarepku, merga rabakal tak rudo peksa!

Kajine Amat Sugeh     : Le...kowe wis lali pa karo aku?

Nanang Edan              : Aku ra bakal lali karo samubarang sing nyepet-nyepeti atiku! Aku arep takon piye khabare anak lan bojomu? Awakmu lemu mesti uripmu makmur! Duitmu owol-owolan! Wis dadi manungsa duwur derajate kajen lan merbawani kowe!

Kajine Amat Sugeh     : Le! Njalukmu ki apa tak turuti! Tur carane aja kaya ngono kuwi. Ngisin-isinke aku!

Nanang Edan              : Widodariku....iki piye ana maling ngerti isin!

Kajine Amat Sugeh     : Le! Kowe kuwi rangerti males budi! Cilik tak ragati mbasan gede kurangajar!

Nanang Edan!                : Aku ra njaluk apa-apa! Uripku wis seneng tanpa bandha donya! Aja pisan-pisan ngojok-ojokki aku dadi wong sumangkeyan! Ngereh uwong sak penak’e dewe! Dalanku wis padhang! Aku manungsa sing raisa dituku nganggo banda donya!

Kajine Amat Sugeh     :  Le! Kowe ki rasah kemaki!

Nanang Edan              : Weningna pikiranmu, pusna rasamu, lumakua kanthi sareh! Aja grusa-grusu!

Kajine Amat Sugeh     : Le!

Nanang bengak-bengok lan joget-joget nangarepe Kajine Amat Sugeh.

Nanang Edan              : Eit...! aja Grusa-grusu! Sinaua marang kahanan! Rungokno suarane, delengen nganggo mata batinmu banjur kuwi rasakna kepriye laralapane wong urip! Aja mung kepingin dirungokke terus! Sapisan maneh aku ra njaluk apa-apa! Pek’en kabeh, kelonono banda donya! Wus wancine sliramu nyumelehake uripmu! Selehna! Selehna! Selehna pikiranmu lan uripmu! Rungokno kahanan Sejatining aurip! Jujura marang atimu dewe! Aja ngapusi awakmu dewe! Lan aja wirang marang aku!

Kajine amat Sugeh      : Astafirlloh....cen wis edan tenan kowe le raketulungan!

Nanang Edan              : Jujura marang atimu dewe! Aja nyimpen samubarang bosok! Kandanana awakmu dewe! Aja ngapusi Uripmu!

Kadi Kadoan  Yu Samsinah nggolekki Nanang Edan!

Yu Samsinah               : Den...! den Nanang.....! Den....!

Nanang Edan              : (kaget!) Sapisan maneh! Rungokno! Rungokna kahanane Aurip Kanthi Wening. Aja mung kepingin dirungokake! Rungakna...Rungakna.....!!! (Karo Mlayu)

Yu Samsinah               : Den...Den...Den Nanang (Mandeg nang ngarepe Kajine amat Sugeh. Noleh weruh Kajine Amat Sugeh) E....Mas Amat ta?! Assalamualaikum....Pripun khabare? sae? Pun dangu mboten kepanggih ta? Kangen lho kula? Pripun Usahane lancar ta?

Ajine Amat Sugeh      : Wis ta Yu rasah nambah-nambahi. Rasah ngelingke kedadean sing wis liwat!

Yu Samsinah               : Sing ngendika njenengan piyambak Lho!  Kula mboten ngelingke (tansah ngece) o...enggih ngertos Den Nanang Mboten nggih?

Kajine Amat Sugeh     : Nanang Mlayu Ngetan Mbuh nangendi?

Yu Samsinah               : Nuwun Sewu Lho Niki Mas Amat...nuwun sewu. Rak nggih tesih kemutan nek pun nate sare kalian kulo?

Kajine Amat Sugih meneng wae. Raisa Wangsulan. Yu Samsinah mbenak-mbenake kebayane, Susune sing gede kaya diduduh-duduhke Kajine. Matane mliriki kajine Amat Sugeh.

Yu Samsinah               : Rumangsane nek wis pecisan ro sarungan ki njuk atine ketok resik apik pa? Ahhh….(Yu Sam mendesah nang cedak kupinge Kajine Amat Sugeh, Banjur lunga nggoleki Nanang Edan.) Den....Den Nanang....!

Kajine Amat Sugeh meneng wae isih ngadek nggejejer. Nur Soleh teka kesusu-susu, Napase rakaru-karuan.

Nur Soleh                    : Haduhh…Haduh…Assalamualaikum....Pak Kaji. Ketiwasan Pak Kaji…!

Kajine Amat Sugeh     : Wa’alaikumsalam....ana apa Leh? Kok kesusususu?

Nur Soleh                    : Aduh.... Ketiwasan!....Yu Cempluk

Kajine Amat Sugeh     : Cempluk ngapa? Alon-alon wae ta. Napase ditata disik..

Nur Soleh                    : Dereng enten sing ngertos. Omahe Yu Cempluk! Omahe yu cempluk Ambruk!

Kajine Amat Sugeh     : Hah!? Ha Terus Bayine Piye?

Nur Soleh                    : Bayinipun....Bayinipun Kembrukan Omah!

Kajine Amat Sugeh     : Allahamdulilah…!

Nursoleh lan Kajine Amat gage mlayu nangomahe Cempluk sing ambruk.


Adegan Keri dewe: Lelakone Cahyadi

Wayah Sore ana ngarep omahe Cahyadi. Kawit muleh saka minggate. Awake katon lemes, rupane nyremimih. Banjur kuwi lungguh nang tritisan omah.

Lik Kawit        :  Ealah…Sak adoh-adohe manuk mebur tetep bali nang susuhe maneh. Jyan…Jaman ki pancen wis kuwolak-walik tenan. Anak Polah bapa kepradah. Nanging saiki wis beda: Bapak polah Anak Kepradah. Ealah…contone ya aku iki. Sakjane aku ki sayang tenan ro Cahyadi, anakku siji kae. Nanging kahanan sing marai kaya ngene ki. Piye-piye aku ki patut disalahke. Aku ki wong tua sing ora isa ngopeni anak lan ora nduweni rasa tanggung jawab. Wis, pokokmen isa ora isa aku arep njaluk ngapura karo anakku. Arep tak jak ngadepi urip tenanan!

Kawit menyat saka lungguhe. Deweke tingak-tinguk nggoleki Cahyadi.

Kawit              : Oalah Cah…Cah..kowe ki nangendi Le…? Omah ra ana uwong kok diblak-blake. (Ngunjal ambegan) Bapak ki kangen, bapak arep mertobat tenan Le…ayo pada nyambut gawe bebarengan. Nglakoni urip saiyeg sak ekapraya…

Banjur Lik Kawit namatke kadohan, deweke weruh ana wong wedok mlaku dewe’an. Kawit samsaya nyedak. Penasaran.

Kawit              : We….sapa ya kae? Kok ana Kenya mlaku dewean. Tatasan pa ya? We liwat kene! Sik sik sik….tak dandan disik ben bagus!

Lik Kawit idu nang epek-epek tangan kiwa tengene, dingo ngraupi rupane nganti rata. Etok-etok arep mlebu ngomah.

Lestari             : Nderek langkung Lik Kawit.

Mandeg nang tengah lawang, noleh nanggone Lestari, terus marani.

Lik Kawit        : E….nduk Lestari ta. Kok kadingaren liwat kene nduk?

Lestari             : Injih Lik. Ha nek liwat dalan sing mrika onten Nanang lagi kimat!  Rak nggih mboten napa-napa ta Lik?

Lik Kawit        : Wo…Ora papa. Mbok mampir ndisik  kene sedilit wae. Walah ngancani Likmu sisan ngenteni mahgrib. Ayo ta.(rada meksa)

Lestari             : Mboten sah repot-repot lho Lik. Kula namung sekedap lho niki, boten saged suwe-suwe.

Lik Kawit        : Lha iya, aku ki ngerti. Wis suwe aku ki ra petukan kowe nduk…mampir dilit. Mengko ta terke nek kewengen mulihe. Sik tunggu dilit ya nduk….dilit wae. Tak gaweke wedang sisan ngenteni mahgrib.

Mlebu omah nggaweke wedang Lestari karo tetembangan:
Netramu…cah ayu….eman-eman kok ra oleh aku….(Tembang iki isa diganti liyane)

Lik Kawit metu ngomah nggawa wedang teh ngejak ngobrol

Lik Kawit        : Kowe ki manis tenan lho nduk! Jan aku ra nyangka kok isa kaya Roro mendhut.

Lestari             : Lik Kawit ki kaya ngerti-ngertiya rupane Roro Mendhut!

Lik Kawit        : Weh ra percaya Lho. Iki wedange dombe nduk.

Lestari ngombe wedang teh. Lik Kawit mesam-mesem.

Lik Kawit        : Wayah sore iki pancen nyenengke tenan. Sore sing ayu kaya pasuryamu  nduk, Cah ayu....

Lestari             : Lik Kawit ki senengane ngece.

Lik Kawit        : Tenan lho nduk rupamu ki ayu. (karo njawil)

Lestari ngalihke omongan.

Lestari             :  Cahyadi teng pundi niki Lik?

Lik Kawit        :  Rasah digagas Nduk. Bocah rangerti ro wong tua! Nduk, awakmu ki lencir tur singset marai gemes!

Lestari             : Wah Lik Kawit ki senengane marai isin lho.

Lik Kawit        : Walah nek isin ngono kuwi jyan...saya nggemeske!

Cahyadi lebar adus nyanyi-nyanyi nang njero omah: Cilik-cilik diwulang ngaji besok gede supaya ngerti. Ngaji iku amale nomer siji yen ora ngaji bakale rugi. Rugi donya ora sepiroa rugi akhirat bakal cilaka.

Lik Kawit        : Lho…Cahyadi ki nangomah ta? Jigur og! Anu, nduk, sik ya tak tuku rokok dilit nang warunge Atemo Sri. Dilit wae.

Lestari             : Nggih Lik.

Kawit kesusu-susu sajak nganeh-anehi. Cahyadi metu nganduki rambute merga bar keramas ro isih nyanyi: Cilik-cilik diwulang ngaji besok gede supaya ngerti supaya ngerti su paya ngerti su!

Cahyadi kaget weruh Lestari. Cahyadi mesam-mesem sajak isin.

Cahyadi           : Lestari to…? Jyan..mbok mau sms dimik Les ne arep dolan…kok njanur gunung. Nggoleki aku pa?

Lestari             : Rak! Aku kin mung mampir, wedangan ro bapakmu.

Cahyadi           : Sapa?

Lestari             : Lik Kawit, bapakmu Cah!

Cahyadi           : Ra mungkin. Bocahe ki wis minggat wingi-wingi seka omah kene!

Lestari             : Tenan Cah, aku ra ngapusi!

Cahyadi           : Tenane Les Serius? Swear!

Lestari             : Tenan Cah! Swear!

Chyadi            : Welha…Cen Truk biangane tenan og! Wong tua ra sembada! Ra urus! Saiki bocahe nangendi?

Lestari             : Jare mau tuku rokok nanggone Atemo Sri. Wis Cah Aku tak sisan bali.
                                       
Cahyadi           : Lha kok Kesusu ta Les?

Lestari             : Wis surup. Ndak digoleki Bapak.

Cahyadi           : mbok wedange dienteke disik…

Lestari             : Wis rasah Cah.

Lestari menyat saka panggonane, nanging let sedela pas arep menyat terus mumet. Matane prepet-prepet. Lestari nggloyori, awake katon lemes. Lestari arep semaput.

Cahyadi           : Lho Les..? kenapa Les…lho..lhooo…lho…duh…

Cahyadi mbopong Lestari sing wis rakuwawa ngadeg.

Lestari             : Aduhh....

Cahyadi           : Les..wis leren turon nang amben nggonku disik wae. Ta undangke bapakmu.

Banjur cahyadi nuntun lestari mlebu ngomahe. Lebar nulungi Lestari Cahyadi metu nggegem Glathi. Wedang teh mau dijupuk terus diambu. Cahyadi yakin wedang kuwi ana racun sirepe. Banjur gelase dibanting! Cahyadi nesu. Muntab!

Cahyadi           : Kawit ki cen kewan! Liicik! Ula tua! Nang ndi mlayumu Wit?! Bakal tak golekki! Tuek'an ra ngrumangsani!

Cahyadi mlayu nggolekki Kawit ro nggegem Glathi.

Cahyadi           : Nangendi dunungmu! Tekan ndi playumu bakal ta goleki kowe Wit! Aku wis ra urusan! Klakon ta untal malang tenan! Kawit….!

Cahyadi mlayu njrantal!

Let sedela Kawit Njedul karo ngrokok klempas-kiempus.

Lik Kawit        : Ealah, duwe anak siji we kok ya radong! nek isa ki apa-apa ya wis di cepakki ben wong tua ki ora rekasa. (Nginguk Njero omah) Lho rak tenan…Wis cemepak…Anakku Cahyadi kaeki pancen Bagus ngerti kekarepane bapakne! Nuwun ya Le...Yookk….!!!

Cahyadi njedul isih mbingungi nggokkki bapakne sliwar-sliver neng ngarepan omah karo metentheng mengkap-mengkap!

Cahyadi           : Wit…! Kawit…! Bocahe nangendi ya?! Tak kemah-kemah tenan kowe Wit!

Sakwetara wektu Kawit wis metu omah tansah kelegan. Wudo Mbligung awake kemringet. Tepas-tepas nganggo kaos.

Lik Kawit        : Wahjyan…Liar! Ngedab-edapi tenan! (Meneng sedela) Ah…Meneh ah…! Yukk…!

Cahyadi njedul rupane wis ketok kalap.

Cahyadi           : Kawit…! Bakal tak tojeh-tojeh tenan kowe! Ta pechel-pechel ndasmu! (Cahyadi ngematke rada adoh, kaya weru Lik Kawit) Kecekel saiki kowe Wit…! Klakon tak ontal malang!

Lik Kawit Njedul, metu saka njero ngomah, mbligung gembrobyos. Kaose disampirke pundak sisih kiwa. Rupane tansah bungah lan prengas-prenges.

Lik Kawit        : Rosa..! Rosa..! (Tangane tengen ngepel diangkat munggah medun. Ngunjal ambegan sedela. Prengesan.)  Nyak nyan! (Nganggo sandangan) Wis karya Slamet ya le... .. Wong tuwa kaya aku ki jembar segarane. Turah kasih sayang! Rasah njaluk ngapura mesthi wis to apurani! (Lik Kawit ngleter mlaku tansah bungah)                     
                     E... ..nggolek dalan padang….

Cahyadi isih bengak bengok nggoleki Kawit! Cahyadi isih muntab!

Cahyadi           : Bolengan!! Bocahe nangendi ya? Wis, titenana kowe Wit, nek kecekel bakal adus getih!

Banjur kuwi Cahyadi mlebu ngomah niliki Lestari arep dirawat maneh. Nanging Lestari njerit saka njero omah banjur mlayu metu kotangan tok, karo ngrungkepi awake nganggo klambine, rambute katon awul-awulan. Cahyadi nututi metu.

Cahyadi           : Les! Lestari! Les!

Lestari mandeg ngonek-ngonekke Cahyadi karo tangisan.

Lestari             : Cah! Aku rangira Cah nek kowe tega tenan karo aku. Tumindakmu kaya kewan! (Omong karo tangisan)

Cahyadi           :Les! Sing nglakoni ki dudu aku Les!

Lestari             : Nyatane! Nyatane anane mung kowe karo aku Cah!

Cahyadi           : Les! Sak mbajing-mbajingku ya Les. Aku ki durung tau jenenge   ngruda peksa wong wadon!

Lestari             : Pokokmen aku ra trima! Aku ratrima Cah! Aku ora trima!
  Lestari mlayu ninggalake Cahyadi. Sesenggukane samsaya ndadi!

Cahyadi           : Les! Lestari! Lestari….!

Nututi mlayu nanging ora sida, Cahyadi mandeg lan gethem-gethem dewe. Mangkele Cahyadi marang bapakne dewe wus ora ketulungan maneh. Cahyadi meneng wae, matane ora kedep, untune nggeget-nggeget, tangane ngepel lan nggegem glati kenceng banget, ambegane ngosngosan. Banjur mbengok  santer banget:

Cahyadi           : KAWIIIITT….!!!! (Ambegane isih orakaru-karuan.) Ula tua! Pancen wis tegel tenan karo anakmu dewe. Yoh…nek caramu kaya ngono bakal ta ladeni! Aku wis raurusan! Tuek’an kaya asu! Wis tiba titi wancine! Pancen wis ginaris nek patimu kudu nang tangane anakmu dewe!

Tangan tengene Cahyadi diangkat duwur karo nggegem Gelathi! Cahyadi mengkap-mengkap, getem-getem, MUNTAB!

Cahyadi           : KAWIIIIIIITTTTT……..!!!!!!

Mbengok santer lan dawa banget ora entek-entek…


LAMPU MATI, MAK PET.

Adegan Uluk Salam

Para pemain metu siji-siji uluk salam bebarengan diiringi lagu:

Wong Urip nang donya
Nglakoni dalaning urip
Eling marang sing kuasa
iku sing nomer wahid
aja pada drengki
aja dha rumangsa
wong urip nang donya mung sawetara
aja padha gemblung
aja dha sulaya
wong urip nang donya ora langgeng.

Nak wis da munggah Panggung kabeh lampune mati.
Lampune diuripke maneh. Kabeh pemain ndungkluk bareng. Banjur kuwi ngadeg meneh keplok bareng-bareng ngejak penonton.
Mesti kahanane dadi rame lan nyenengake.

(NB: Nek isa adegan uluk salam iki ya ditata teknis urutan metune lan panggonane dewe-dewe. Ben katon sopan lan tumata. Matur nuwun….)


NEK KEPINGIN URIPMU MULYA, DADI BAJINGAN SING TENANAN UTAWA DADI LANDA BLANGKONAN!



Sapa kuwi sing nginjen aku ana satengahing wengi?
Aja diomongke mbokku yen uripku kapiran!




Ditulis maneh ing wulan Desember 2010
Sandiwara iki wis nate dipentasake TiterTeMMu tanggal 20 September 2006 ana ing Pendapa Kecamatan Mantrijeron Ngayogyakarta.



Merdesa!



































































                                                                       





                                                                                               



2 komentar:

  1. Apa sampeyan nggoleki silihan? We offer loans designed to meet your financial and personal needs Loan business with scheme approval loan fast. We borrow money for those who need financial help, we give credit to people who have bad credit or need money to pay bill, to invest in this business. Sampeyan ora kudu kuwatir, amarga sampeyan ana ing panggonan sing bener, GLORIA S LOAN COMPANY nawakake kredit kanthi tingkat kapentingan sing kurang saka 2%, supaya yen sampeyan butuh pinjaman, aku arep hubungi GLORIA S LOAN COMPANY mung iki alamat email: gloriasloancompany@gmail.com / Jumlah Whatspp: + 1 (267) 527-9742
    APLIKASI PELAYANAN KREDIT:
    1) Jeneng lengkap: ............
    2) Jenis Kelamin: .................
    3) Umur: ........................
    4) Negara: .................
    5) Nomer telpon: ........
    6) Proyek: ..............
    7) Income: ......
    8) Jumlah Pinjaman sing Dit Require: .....
    9) Loan duration: ...............
    10) Alesan etangan: ...........
    11) Apa sampeyan wis nglamar lan ditolak? Yèn mangkono........

    BalasHapus